Rabu, 13 April 2016

mp 3 ABAH SEKUMPUL

Saya menggunakan "ShareCloud", Unduh dari https://play.google.com/store/apps/details?id=com.fw.appshare

Sabtu, 08 Agustus 2015

RAHASIA BISMILLAH 2.

�� Kitab Ushulul Ma’rifat

3. (6)Enem iku ugo den arani Iman Tauhid lan den arani Iman Hakikat tegese, percoyo suwijine Allah dadi kabeh alam sak isine ora ono, tegese alam ora ono isine ora ono, jasad ora ono urip ora ono wujud ora ono, rupo ora ono,aran ora ono gawe ora ono, mung kari Allah bloko kang ono. Dadi ora ono loro kari siji yoiku kang den arani iman tauhid, Tegese iyo mangkono iku iman wong ahli tauhid lan wong ahli hakikat kang sejati.
(7)Pitu iku den arani iman Ma’rifat yoiku ugo iman wong ahli hakikat dene iman Ma’rifat iku tegese mangerteni badan alus kang ono sak jerone badan wadak. Lan mangerteni bakale lan mangerteni gawene lan mangerteni dadine, lan mangerteni panggaweane lan mangertene wujude lan manerteni rupane lan mangerteni jenenge , lan mangerteni manggone, lan mangerteni kang dinggoni, lan mangerteni lakune, lan mangerteni kang dilakoni, lan mangerteni kang mlaku sak piturute, yoiku aran Ma’rifat. Percoyo koyo mangkono iku keno den arani iman Ma’rifat. Yen ngerti kabeh mangkono iku mau kanthi mbarengi hakikote banjur dadi iman ma’rifat lan iman hakikat lan keno diarani ahli hakikat lan ahli ma’rifat lan ugo diarani Iman Kamil.
Dene iman kang nomer wolu(8) iku den arani Iman Hakekat uga neka diarani iman sejatine, sejatine iman utawa den arani Iman Ghaib. Tegese yaiku iman wong ahli Ghafirin. Dene iman ahli ghafirin iku imane para nabi lan imane para wali lan imane para mu’min haq. Wallahu a’lam.
(9)Sanga iku den arani Iman Ghaib. Dene iman ghaib iku kudu percaya marang ghaib lan kudu ngerti ghaib, soale percaya iku kudu ngerti disik, jalaran ora bisa iman marang sejatine Allah yen durung ngerti menyang Allah. Sejatine kang diarani wal ladziina yu¢minuuna bil ghaibi yaiku wong-wong kang ngerti ghaib lan sing bisa yuqiimuunash shalaah, yen ora ngerti ghaib ora bisa iman ghaib, yen bisa iman ghaib banjur bisa diarani yuqiimuunash shalaah. Sak temene kang diarani ghaib iku Allah sing Akbar iku Alam. Yen wis iman Allah lan Akbar tegese wis kumpul Allah lan Akbar. Akbar banjur ghaib tegese akbar ilang kari Allah yaiku jenenge shalat, yaiku sing diarani yuqiimuunash shalaah, dadi yen durung iman ghaib durung yuqiimuunash shalaah, durung yuqiimuunash shalaah yen durung ngerti ghaib iki kaweruhana sing temenan.
(10)Sepuluh iku den arani Iman Ghaibul Ghaib yaiku uga imane Arifin lan den arani iman samare-samar Hu aku Allah, ucape wujud Wujude Allah, alam telas dunia telas akherat telas. Kabeh telas mung kari Allah kang ana Allah kene Allah kono Allah iko Allah iki Allah sak piturute.
(11)Sewelas iku den arani Iman Baqa’ yaiku langgenge iman tegese tetepe iman urip iman mati iman melek iman turu iman iman mlaku iman mandek iman obah iman meneng, iman tegese percaya lan eling ora pedot babar pisan. Yaiku mangkono iku kang den arani Iman Baqa’. Wallahu a’lam.
(12)Rolas iku den arani Iman Baqa’ul Baqa’, iku uga imane Arifin yaiku wong sing ora tau metu songka Allah lan songka bumi Allah babar pisan.
(13)Telulas iku den arani Iman Kamil, uga diarani iman wong Arifin yen di sawang khawaariqul ‘adah jare kiyai ora tau shalat. Yen shalat ana ngendi – ngendi ana, terkadang shalate petakilan, terkadang jaranan, terkadang ana bong – bongan bota, terkadang ’ambune bergenggek. Tapi yen pituju kaya mangkono iku ora kena den loake, yen den loake utawa den ina sing alak den bendone Gusti Allah. Mula aja sok ina wong sing deweke ora ngerti.
(14)Patbelas iku den arani Iman Kamil Mukammil lan uga kena dene arani imane ahli ‘Arifin maneh iya iku terkadang kelakohane kaya wong gendeng, terkadang kaya wong kepalang, terkadang kaya kere, terkadang kaya wong belontah wis laku maksiat terus – terusan perlune kur yen aja ketoro apek babar pisan tur sejatine ngerti ahadiyat, wahdat, wahidiyat lan ngerti ngisyiq ngasyiq mangsyuq; lan keno den arani ngerti wijine nganti tukule nganti woh nganti dadi wiji maneh, lan ngerti kumpule ngerti pisahe ngerti kumpule maneh nganti dadi siji nganti wungkul maneh.
Pokoke di arani Iman Kamil Mukamil iku dadi awit asal songka wungkul dadi wumgkul maneh, wis Hu aku Allah, lan Hu Dzat kena den arani dhohire neng koplek, sejatine neng Dzatullah dadi amur Allah iku gone ora neng masjid dunia kono. Kudu neng masjid samar iku neng tengahe oro-orotarwiyah, dadi iya neng alas iya neng kuto iya neng komplek yaiku luweh nyamari, tegese yen wong kang durung ahli ora biso ngerti sejatine wong iku .sing ngerti sejatine wong iku wong amor Allah lan wong seng amor nurullah belaka, iku uga klebu iman wong ahli Arif yaiku para nabi para wali para mukmin haq. Yen wong bisa iku suk ana imane Iman Kamil Mukammil nanging yen wong biasa maqame ora Baqa’. Telas katerangan perinciane iman.
Bab. Kaping Limo: Nerangake Ahadiyah
Tegese den arani Ahadiyat iku isine ora ana liyo-liyo kajobo mung Allah belaka. Dadi Ahadiyat iku kena diarani omahe Allah, lan kena diarani negorone Allah, lan kena diarani alame Allah. Nalika berahe alam ahadiyat iku kena den arani Lata’yun, tegese durung ana kang ngerteni marang suwijine Allah Ta’ala. Nalika semono iku kena diarani isih gung liwung lan lan kena diarani isih wang-wang wung-wung ora ana opo-opo babar pisan sing ana isih Allah belaka. Dalile mangkene Allaahu wahdahu laa syariikalahu: artine nalika ahadiyah iku ora ora ana opo-opo sing ana mung Allah Ta’ala dewe ora ana kang ngancani keduwe Allah babar pisan lan katerangan ana kitab Al Qur’an mangkene: Faqaala ta’aala; Qul huwallaahu ahad. Artine mangkene, Dawuhno Muhammad marang umat kabeh yen sejatine Allah iku malika isih ahadiyah sing wujud isih Allah Ta’ala dewe# tegese nalika ahadiyah iku langit bumi durung ana kena den arani jagat duirung ana, srengenge rembulan durung ana, kabeh alam uga durung ana, dunya durung ana, akherat durung ana, suwarga neraka uga durung ana, kabeh makhluk durung ana, sing ana mung Allah dewe, wujude wujud dzat durung ana sipate, Sipate isih sipat Jalal. Dadi isih wujud Tunggal urip, tunggal rasa tnggal, tegese wujud dewe tanpa ana kang maujudake jumeneng dewe tanpa ana kang jumenengake urip dewe tanpa ana kang nguripake awal tanpa ana kawitane akhir tanpa ana pungkasane siji ora sangka wilangan kidhik. Iya koyo mangkono iku kang den arani Wujud Muthlaq kelawan Ithlaq lan kena den arani Wujud Mahdli tegese sing wujud isih sakwecone Allah Ta’ala belaka, yaiku ora ana liyo-liyo maneh kajobo mung Allah dewe.
Dene wujude Allah Ta’ala naliko iku wujud Khiya’ tegrse wujud padang gumilang ora koyo padange srengenge lan ora koyo padange rembulan lan ora koyo padange lintang lan ora koyo padange damar babar pisan, ora kang madani sekabehane kang wujud ono alam duniya iki, yaiku den arani wujud nur tegese wujude nurullah kang den arani Nur Jati tegese wujude sejatine Allah. Wallahu a’lam.
Bab. Kaping NEM: Nerangake Alam Wahdat
Dene wahdat iku wiwitane berahine Allah Ta’ala yaiku suwijine Allah Ta’ala arep karsa nyataake sifate Allah Ta’ala lan nyataake kuasane Allah Ta’ala lan nyataake kersane Allah Ta’ala maka banjur kersa nyataake wujude sifat Nurullah kang diarani sejatine nur Muhammad yaiku kang den arani Muhammadiyah lan kena den arani sejatine nur Muhammad lan kena den arani sejatine Muhammad. Dadi bener arane nyataake wujude sifat. Tapi sipat mau isih sinimpen ing dalem dzat tegese nur Muhammad isih sinimpen ingdalem nurullah lan den arani nur Muhammad isih sinimpen ingdalem lintang Johar lan kena den arani dhahir isih sinimpen ingdalem bathin, bathin sinimpen ingdalem ghaib. Dene wujude lintang Johar iku mau koyo kendel rupane mencorong gedene tanpa ana wangenane, ketingal gumantung tapi tanpa ana cantelane, ketingal murub tanpa ana sumdune lan tanpa lengo lan urube ora koyo urube dimar lan ora koyo urube listrik, padange ora ana kang madhani, mulo podo eling-elimgen yen sak jerone dhohir iku ana bathin, jerone bathin iku ghaib. Mulo iyo iku contone asale nurullah. Banjur nurullah nglaherake lintang Johar, lintang Johar nglaherake nur Muhammad nuqath ghaib roh idlofi.
Nuli nur Muhammad

Nuli nur Muhammad nuqadh ghaib ruh idhofi nglaherake kabeh alam. Mulo keno den arani wijine kabeh alam iku lintang Johar. Lan kena den arani wijine alam iku nur Muhammad.mula ngertiyo naliko wektu Ladzi. Tegese kang den arani wektu Ladzi iku naliko waktune Allah Ta’ala arep kersa nglaherake nur Muhammad kanti sampurno tegese arep sampurnaakekeberahehane iyo iku kerso ngetoake cahyo murub olehe ngetoake songko lintang Johar kang arani sejatine nurullah iyo mau tumetese dadi ruh idlofi yaiku calon dadi wadak nur Muhammad. Nuli ngetoake cahyo putih utowo diarani nur putih,olehe ngetoake ugo sang ko nurullah kang den arani lintang Johar, iku mau tumetis dadi nuqadl ghaib kang calon dadi rasane nur Muhammad. Nuli ngetoake cahyo luhur utowo diarani nur luhur, olehe ngetoake ugo songko nurullah kang diarani lintang Johar iku mau tumetes wujud koyo koyo koco kang bening tur kang bersih tur kang mencorong tur padang tanpo ana kang mbandingi lan tanpo ana kang madani rupane agung tur luhur yaiku nur Muhammad arane. Latelu-telune nur telu iku mau banjur den dade’ake suwiji dening Allah Ta’ala.
Dene carane olehe dade’ake mangkene, nur luhur kang den arani nur Muhammad iku mau den polas kelawan nur putihkang den arani nuqad ghaib iku mau, nuli den panjingake nur murub kang den arani ruh idhofi iku mau kanti sampurno nuli keno den arani wujude nur Muhammad iku wus sampurno. Nuli deb asmani dening Allah Ta’ala nurul hayati Muhammad, sakwusemangkono nuril hayati Muhammad iku den simpen dening Allah Ta’ala.
La iku wektu keno den arani ta’ayun awal, tegese mulai ketingal keberahehane Allah Ta’ala. Dadi wektu semono iku keno den arani dzat wus nglaherake sipat tapi ngertiyo sak temene Allah nglaherake keberahehane kang keyo mangkono iku suwijine Allah Ta’ala dewe lan kersane Allah Ta’ala dewe, dalile dawuhe Allah katerangan ono kitab suci Al-Qur’an mangkene Faqaala ta’aala ; Innallaaha khalaqa kulla syai-in wahdahu.
Artine suwijine Allah kersa dade’ake opo wae iku mung suwijine Allah dewe tegese mung kersane allah dewe lan kuwasane Allah dewe. Tammat.
Bab. Kaping Pitu: Nerangake Alam Wahidiyat
Dene alam wahidiyat iku den arani Ta’ayun tsani iya iku suwijine Allah Ta’ala mulai ngumpulake sifat Jalal lan sipat Jamal yaiku sifat Jalal kang den arani nurullah. Sifat Jamal den arani nur Muhammad.

den arani sejatine nur
Muhammad lan kena den arani sejatine
Muhammad. Dadi bener arane nyataake wujude
sifat. Tapi sipat mau isih sinimpen ing dalem
dzat tegese nur Muhammad isih sinimpen
ingdalem nurullah lan den arani nur
Muhammad isih sinimpen ingdalem lintang
Johar lan kena den arani dhahir isih sinimpen
ingdalem bathin, bathin sinimpen ingdalem
ghaib. Dene wujude lintang Johar iku mau
koyo kendel rupane mencorong gedene tanpa
ana wangenane, ketingal gumantung tapi tanpa
ana cantelane, ketingal murub tanpa ana
sumdune lan tanpa lengo lan urube ora koyo
urube dimar lan ora koyo urube listrik, padange
ora ana kang madhani, mulo podo eling-
elimgen yen sak jerone dhohir iku ana bathin,
jerone bathin iku ghaib. Mulo iyo iku contone
asale nurullah. Banjur nurullah nglaherake
lintang Johar, lintang Johar nglaherake nur
Muhammad nuqath ghaib roh idlofi.
Nuli nur Muhammad nuqadh ghaib ruh idhofi
nglaherake kabeh alam. Mulo keno den arani
wijine kabeh alam iku lintang Johar. Lan kena
den arani wijine alam iku nur Muhammad.mula
ngertiyo naliko wektu Ladzi. Tegese kang den
arani wektu Ladzi iku naliko waktune Allah
Ta’ala arep kersa nglaherake nur Muhammad
kanti sampurno tegese arep
sampurnaakekeberahehane iyo iku kerso
ngetoake cahyo murub olehe ngetoake songko
lintang Johar kang arani sejatine nurullah iyo
mau tumetese dadi ruh idlofi yaiku calon dadi
wadak nur Muhammad. Nuli ngetoake cahyo
putih utowo diarani nur putih,olehe ngetoake
ugo sang ko nurullah kang den arani lintang
Johar, iku mau tumetis dadi nuqadl ghaib kang
calon dadi rasane nur Muhammad. Nuli
ngetoake cahyo luhur utowo diarani nur luhur,
olehe ngetoake ugo songko nurullah kang
diarani lintang Johar iku mau tumetes wujud
koyo koyo koco kang bening tur kang bersih tur
kang mencorong tur padang tanpo ana kang
mbandingi lan tanpo ana kang madani rupane
agung tur luhur yaiku nur Muhammad arane.
Latelu-telune nur telu iku mau banjur den
dade’ake suwiji dening Allah Ta’ala.
Dene carane olehe dade’ake mangkene, nur
luhur kang den arani nur Muhammad iku mau
den polas kelawan nur putihkang den arani
nuqad ghaib iku mau, nuli den panjingake nur
murub kang den arani ruh idhofi iku mau kanti
sampurno nuli keno den arani wujude nur
Muhammad iku wus sampurno. Nuli deb
asmani dening Allah Ta’ala nurul hayati
Muhammad, sakwusemangkono nuril hayati
Muhammad iku den simpen dening Allah
Ta’ala.
La iku wektu keno den arani ta’ayun awal,
tegese mulai ketingal keberahehane Allah
Ta’ala. Dadi wektu semono iku keno den arani
dzat wus nglaherake sipat tapi ngertiyo sak
temene Allah nglaherake keberahehane kang
keyo mangkono iku suwijine Allah Ta’ala dewe
lan kersane Allah Ta’ala dewe, dalile dawuhe
Allah katerangan ono kitab suci Al-Qur’an
mangkene Faqaala ta’aala ; Innallaaha khalaqa
kulla syai-in wahdahu.
Artine suwijine Allah kersa dade’ake opo wae
iku mung suwijine Allah dewe tegese mung
kersane allah dewe lan kuwasane Allah dewe.
Tammat.

Dene alam wahidiyat iku den arani Ta’ayun
tsani iya iku suwijine Allah Ta’ala mulai
ngumpulake sifat Jalal lan sipat Jamal yaiku
sifat Jalal kang den arani nurullah. Sifat Jamal
den arani nur Muhammad.
Nurullah den arani dzat sejati, Nur Muhammad
den arani sifat sejati. Nurullah den arani lanang
sejati, nur Muhammad den arani wadon sejati.
Dene kaliko kumpul nurullah lan nur
Muhammad iku antara lawase wis ana seket
ewu tahun kasi ora kena den beda’ake
tempuke nurullah lan nur Muhammad. Koyo
dene kumpule lanang sejati marang wadon
sejati. Tegese kang aran alam wahidiyat iku
yen diserupa’ake wetenge wong. Alam
Wahidiyat iku wetenge nur Muhammad, lan
kena den arani wetenge wadon sejati. La waktu
samono iku ngetengake kabeh alam.mulo den
arani kumpule nurullah lan nur Muhammad,
banjur ana patutane yaiku kabeh alam sak
isine.
Dadi kabeh alam sak isine iku kena den arani
patutane nurullah lan nur muhammad, tegese
kumpule nurullah lan nur Muhammad. Lan
kena den arani wujude alam kabeh sak isine
iku patutane careme Nurullah lan nur
Muhammad.
Dadi kena den arani ora ana alam kabeh sak
isine yen ora ana wahidiyat, ora ana wahidiyat
yen ora ana wahdat, ora ana wahdat yen ora
ana ahadiyat. Lan ora ana af’al yen ora ana
asma, ora ana asma yen ora ana sifat, ora ana
sifat yen ora ana dzat. Mulo ngertiyo yen
kabeh iku mau sak temene mung kagungane
Allah. Mula ojo pisan-pisan ngaku duweni.
Jalaran kabeh iku mung kagungane Dzat iyo
iku Allah.
Dadi kabeh akbar iku mung kagungane Allah,
dadi yen wis eling lan wis ngerti banjur
dumunung yen kabeh alam lan wahidiyat lan
wahdat iku mung kagungane Ahadiyat, tegese
kagungane Allah belaka. Yaiku kena den arani
Sampurnane Syahadat lan Sampurnane Takbir
lan sampurnane Shalat lan sampurnane Zakat
lan sampurnane Poso lan sampurnane Hajji lan
sampurnane Islam lan sampurnane Iman lan
sampurnane Tauhid lan sampurnane Ma’rifat
lan sampurnane Ilmu lan sampurnane Urip lan
sampurnane Pati lan sampurnane Sampurna.
Jalaran koyo mangkono iku kena den arani
ngerti asale asal ngerti, gawene ngerti, dadine
ngerti, anane ngerti, ilange ngerti, omahe ngerti
manggone ngerti, kang digone ngerti, papane
ngerti, mapane ngerti lan ngerti lungane lan
mulehe ngerti, tekone ngerti, kang den tekone
ngerti, pisahe ngerti, kumpule ngerti, pecahe
ngerti, wutuhe ngerti, wungkule.
Dene Allah dadekake kabeh kang dumadi iyo
mung suwijine Allah dewe, dalile dawuhe Allah
Ta’ala mangkene;
Innaa khalaqnaa kun bil wahidiyati khalaqtuka
liajlii wa khalaqtul asyyaa-a liajlika wallahu
bikulli syai-in ‘aliimun.
Artine mangkene: Sak temene ingsun dadekake
ing siro kabeh iku mung suwijine ingsun dewe,
lan ingsun dadekake ing siro Nur Muhammad
iku karono arah perselane kagungan ingsun lan
ingsun dade’ake ing sekabehane kang dumadi
iku karono perselane kagungan iro nur
Muhammad, lan sak temene kang nguasani
kabeh kang dumadi iku mung Allah
Ta’aladewe.
Dene sakwuse sampurno dumadine nur
Muhammad antoro seket ewu taun iku den
simpen ono ing ndalem nurullah iku mau.
Tumuli suwijine Allah Ta’ala banjur hadir ono
arae nur Muhammad iku mau kanti dawuh
mangkene; Alastu birobbikum artine “ Opo dudu
Ingsun tho pengeran nur Muhammad” ing
mriku nur Muhammad tumuli inggal-inggal
matur marang suwijine Allah Ta’ala, aturane
mangkene Qaluu balaa artine olehe matur nur
Muhammad mangkene: O…inggih panjenengan
Dalem meniko gusti pangeran adalem, tumuli
nur Muhammad inggal-inggal sujud marang
suwijine Allah Ta’ala. Olehe sujud rambah
kaping limo suwene mangso seket ewu taun
yaiku aweh isyarat yen kanjeng nabi
Muhammad sak ummate iku calon den
ferdloake ninda’ake shalat limang wektu
ingdalem mongso sedino sewengi.
Sak wuse mangkono tumuli suwijine Allah
Ta’ala madepmarang arahe nur Muhammad
kanti dawuh mangkene Kun Fayakuun artine
sakabehane alam ing wektu semono iku
sakkolo banjur ketingal wujude alam kabeh
kanti jodo-jodo suroh ukure koyo wujude langit
lan wujude bumi lan wujude ngrengenge lan
wujude rembulan lan wujude suwargo lan
neroko lan wujude opo wae kang wujud ono
alam donya lan kang wujud ono alam akherat.
Yaiku Ta’ayun Tsani arane, tegese wus keingal
kagunge Allah Ta’ala kelawan diweruhi
sekabehane alam yaiku kang den arani Alam
Akbar lan den arani Alam Wahidiyat. Tegese
kang den arani alam Wahidiyat iku suwijine
Allah Ta’ala wis kersa andade’ake sekabehane
alam lan wis kersa ngeratoni sekabehani alam.
Dene sipate Allah Ta’ala sakwuse ono alam
wahidiyat iku Qahar, tegese wis murba wasesa.
Mula disebut sekabehane alam , jalaran iku
kabeh siji sijine isi isene alam , dene kabeh iku
kena den arani wadah utowo den arani omah
utowo den arani negoro utowo den arani
segoro:
Siji den arani alam Ahadiyat, yaiku kena den
arani Sirri lan kena den arani Bathin; tegese
alame Allah naliko iseh ghaib iyo naliko
semono iku alame Allah kena den arani iseh
Dzat Sejati, tegese iseh wujud Muthlaq
kelawan Ithlaq. Tegese kena den arani Allah
durung lahir. Mulo den arani iseh sirri lan iseh
bathin kerono wujude iseh Dzat Sejati durung
ono Sifat lan durung ono Asma lan durung ono
Af’al. Banjur alam Ahadiyat nglaherake alam
Wahdat, olehe nglaherake Allah carane
mangkene “ Alipe lafad Allah iku den arani sifat
Qahar yaiku nyato dadi kolam sejati. Kolam
sejati nyata’ake wujude Dzat Sejati.
Dene Lam-e lafadl Allah kang awal iku den
arani Sifat Jalal iku nyata dadi banyune, yaiku
nyata’ake wujudeSifat Sejati.
Dene Lam-e lafadl Allah kang akher iku den
arani Sifat Jamal nyata dadi mangsine, yaiku
nata’ake wujude Asma telu kang den arani aku
wujud Tunggal.
Dene Ha’-e lafadl Allah iku den arani sifat
Kamal nyata dadi dawuh yaiku nyata’ake
wujude Af’al.
Sakwuse mangkono banjur nur Jati nglaherake
sifat, banjur kena den arani Dzat nglaherake
Sifat. Tapi anane dzat nglaherake sifat iku
mung supoyo ketingal wijude Dzat. Dadi kena
den arani lahire dzat iku sakwuse ono sifat.
Dadi kena den arani anane nama bapak iku
sakwuse ono anak.
Dadi sejatine Ahadiyat iku nglahirake Wahdat,
tapi ora ketingal wujude Ahadiyat sak durunge
ono Wahdat. Ora ketingal wujude wahdat sak
durunge ono Wahidiyat. Ora ketingal wujude
Wahidiyat sak durunge ono alm arane. Nanging
hakekote sifat, asma, af’al ora maneh kajobo
uteke dzat lan wujude dzat lan rupane dzat lan
arane dzat lan panggonane dzat. Mulo
mangertiyo yen sejatine Allah iku Dzat Sejati
utowo anane Dzat Sejati. La yen Muhammad
iku Sifat Sejati, anane yaiku anane nyatane
Dzat Muthlaq. La Adam iku anane Rasul Jati
lan anane Asma Jati.
Dene manuso iku anane Roh Idlofi yaiku anane
Af’al Jati, dadi Allah iku dzat yaiku kena den
arani Pengeran. Dene Muhammad iku sifat lan
kena den arani Keratone Pengeran.
Dene manuso iku Af’al, kena den arani Omahe
Pengeran. Mulo banjur kena den arani Allah iku
dzat, sifat, af’al. Dene Muhammah iku kena
den arani wujud, ilmu, nur syuhud. Dene Adam
iku kena den arani qolam, rasa, urip, budi.
Dene manuso iku kena den wadi, madzi, mani,
maningkem.
Mulo den arani Allah dzat, sifat, af’al jalaran
dzat iku tegese bisa nyata’ake wujude sifat
Jalal, yaiku dzat sejati arane, dene kang den
arani sifat Jalal iku lintang johar arane, utowo
den arani Johar awal, utowo den arani
nurullah, utowo den arani nur Jati.
Banjur nurullah bisa nyata’ake wujude sifat
Jamal yaiku nur Muhammad arane. Tegese
bisa nyata’ake rupane dzat kelawan rupa kang
pantes.
Banjur sifat Jamal utowo nur Muhammad iku
mau bisa nyata’ake Asma, tegese nyata’ake
aran kang tanpo jumbuh.
Dene Af’al iku tegese bisa nyata’ake gawe lan
penggawehan kang tanpa kuciwo.
Dene anane Muhammad olehe den arani wujud,
ilmu, nur syuhud, iku tegese wujud iku bisa
nyata’ake wujude Dzat Mutlaq. Yaiku wujude
alam kabeh sak isine. Tegese ilmu iku nyata
dadi wadahe dzat utowo den arani negarane
Dzat utowo den arani keratone Dzat utowo den
arani omahe Dzat. Tegese nur iku nyata dadi
cahyane Dzat, tegese syuhud iku nyata dadi
peningale Dzat, tegese nyata dadi kenyatahane
Dzat.
Dene Adam olehe den arani qolam, rasa, urip,
budi iku tegese qolam iku nyata anane akal,
tegese rasa iku nyata anane eling, tegese urip
iku nyata anane ruh urip anguripi, tegese budi
iku nyata anane pakerti picoro lan penggawe
kang ketingal mata.
Dene manuso olehe den arani wadi, madzi,
mani, maningkem iku tegese wadi iku nyata
dadi abange nitra, tegese madzi iu nyata dadi
kuninge nitra, tegese mani iku nyata dadi
puhihe netra, tegese maningkem iku nyata dadi
irenge nitra.
Banjur kaweruhono kang aran Sirri dhahir yaiku
kena den arani Muhammadiyah, tegese selagi
ghaib lan den arani sifat isih sinempen
ingdalem Dzat lan kena den arani Sifat Sejati,
sejatine sifat yaiku wahdat sinempen ingdalem
Ahadiyat. Wallahu a’lam
Bab. Kaping Wolu: Nerangake Anane Wahdat
Utawi bab kang kaping wolu iku nerangake
masalah anane wahdat nglaherake wahidiyat
sampun sak isine yaiku anane kabeh alam
sampe’ anane manuso kabeh. Yaiku anane
Muhammad nglaherake kabeh alam den
laherake songko alam Wahidiyat arane. Karono
lafad Muhammad iku mime kang awal den
arani mim Ma’rifat. Kerono mime lafad
Muhammad kang awal iku biso nyata’ake
pangabu grono.
Dene ha’e lafad Muhammad iku den arani ha’
Haqeqat, kerono ha’e lafad Muhammad iku
bisa nyata’ake anane paningal mata.
Dene mime lafad Muhammad kang akhir iku
den arani mime Thareqat, kerono mime lafad
Muhammad kang akhir bisa nyata’ake anane
pangrungu kuping.
Dene dale lafad Muhammad iku bisa nyata’ake
anane pangucap lisan. Mulo lafad Muhammad
iku kena den arani bisa nglaherake jisim, jasad,
badan wong, jalaran Muhammad iku bisa
nglaherake geni, angin, banyu, bumi.
Dene geni iku bisa nyata dadi kulit, daging,
getih mulo nmyata panas. Dene bumi iku bisa
dadi wulu, kuku, balung sungsum banjur bisa
dadi toto tentrem. Dene angin iku bisa nyata
dadi napas, nupus, roh, roso, banjur bisa dadi
nyata obah osek. Dene banyu iku bisa nyata
dadi paningal, panggondo, pangroso banjur
dadi bisa nyata sampurno. Dene sampurnone
kabeh iku mau lan kumpule kabeh iku mau
banjur kena den arani jisim, jasad, badan
wong.
Tegese jisim iku nyata sirah lan yo rusak
maneh, nyata bahu yo nyata rusak maneh,
nyata anane gigir yo rusak maneh, nyata suku
yo rusak maneh.
Dene anane den arani jasad iku wujud balung
yo nyata rusak, nyata wujud otot yo nyata
rusak, nyata wujud daging yo nyata rusak,
nyata wujud kulit yo nyata rusak maneh.
Dene anane den arani wong iku anane ambu
iku nyata ono irung. Dene anane werno iku
nyata ono mata. Dene anane roso iku nyata
ono kuping. Dene anane konotho iku nyata ono
lisan.
Dene kabeh iku mau wis bisa sampurno lan
wis bisa sirno sekabehani sifat 20 . Sifat 20
wis ono kono banjur kena den arani dzikir
syare’at lan dzikir hakekot lan dzikir ma’rifat.
Dene kang aran dzikir syare’at iku eling isine
kalimat “Asyhadu al laa ilaaha illallaahu wa
asyhadu anna muhammadar rasuulullaahi ”
yaiku tegese eleng lan ngreti yen sa’temene
ora ono pengeran sejati kajobo mung Allah, lan
eleng lan ngerti yen sa’temene kanjeng nabi
Muhammad iku petugase Allah.
Dene kang aran dzikir Thoreqat iku eleng lan
ngerti isine kalimat “ laa ya’budu illallaahu ”
tegese eleng lan ngerti ora ono kang wajib den
tha’ati dhahir sampek bathin kajobo mung
Allah.
Dene kang arani dzikir hakekot iku eleng lan
ngerti isine kalimat “ laa maujuuda illallaahu ”
tegese eleng lan ngerti yen sa’temene ora ono
kang ngerti kajobo Allah.
Dene kang aran dzikir Ma’rifat iku eleng lan
ngerti isine kalimat “ Laa ya’rifu illallaahu ”

kang ngerti kajobo mung Allah.
Mulo ngertiyo sa’temene yen siro arep dzikir
patang perkoro iku kudu ngerti asal mulane,
tegese ngerti bakale lan ngerti gawene lan
ngerti omahe lan ngerti manggone lan ngerti
papane lan ngerti mapane lan ngerti lungane
lan ngerti mulehe lan ngerti tekane pisahe lan
ngerti kumpule lan ngerti pecahe lan ngerti
wungkule yen wis mangkono banjur keno den
arani wis sampurno, yen wis sampurno banjur
keno den arani Dzikir Bathin.
Dene dzikir bathin iku kudu nganggo prabot 5
yaiku:
1. Lisan,
2. Ati,
3. Roh,
4. Roso,
5. Barzah.
Dene carane praktek iku lisane kudu ngucapake
Laa ilaaha illallah banjur atine kudu eleng yen
ora ono kang wajib den thaati kajobo Allah.
Banjur rohe kudu angen-angen lan eleng yen
sa’temene ora ono wujud sejati kajobo Allah.
Lan sejatine Urip iku uripe Allah, banjur rosone
iku eleng lan ngerti sa’temene roso iku rasane
Allah, banjur rosone roso iku kudu eleng
Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat. Yen wis tutuk
banjur kena den arani Syahadat Sampurno lan
Takbir Sampurno lan Shalat Sampurno lan Urip
sampurno lan mati sampurno lan Islam
sampurno lan Iman sampurno lan Tauhid
sampurno lan Ma’rifat sampurno lan Badan
sampurno tanpo ucap tanpo polah tanpo
among makhluk kari Allah.
Yaiku kang den arani yo nabi yo wali yo
mukmin yen obah nabi yen meneng wali yen
ngucap mukmin arane. Wallaahu a’lam.
Bab.Kaping Songo: Nerangake Ing
Dununge ٍ Sekabehane Hurupe lafad
ﺍﻟْﺒِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤٰﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Dene Alife lafadl Albismillah iku kena den arani
Alif Dzatul wahid lan kena den arani Alif
Ahadiyat iku tanda anane dzat sejati lan kena
arani Allah isih ghaib lan yaiku anane Allah
naliko durung beragi yaiku Allah isih wujud
Mahdli. Banjur Lame lafadl albismillah iku den
arani Lam Thalabiyat, yaiku tanda Allah arep
berahi egese tanda yen Allah arep nyata’ake
wujude Dzatullah yaiku katon gumebyar
padang tanpo wangenan, tanpo wekasan kang
den arani nurudz dzati, tegese nure Allah kang
jejuluk lintang Johar kang bisa nglaherake
nurush shifat kang bisa nyata’ake wujude sifat,
iyo wektu semono iku kena den arani sifat
isine sinimpen ingdalem Dzat. Lan kena den
arani sifat isih ghaib lan kena den arani sipat
durung ono. Sing ono isih dzat sejati lan sifat
sejati sejatine sifat.
Mulo Alip iku kena den arani Alip Dzatul
Wahida,lan kena den arani Alip Ahadiyat lan
kena den arani Alip Iman, lan kena den arani
Alip Thalabiyat. lan kena den arani Lam
Thalabiyat lan kena den arani Lam Islamiyat.
Banjur Ba’e lafad albismillah iku den arani
Kawitan. Tegese Ba’e lafad albismillah iku
kang bisa nglaherake nyatane Dzatullah lan
dadi kawitane nyatane Sifatullah iyo iku Nurudz
Dzati tegese Nurullah. Nurullah banjur
nglaherake Wahdat. Dene wahdat iku ketingal
koyo wadah, ugo gedene tanpo wekasan banjur
wahdat nglaherake nur murup utowo wahdat
iku nyata’ake wujude nur murup tumetes dadi
roh Idlofi pinungko dadi wadahe nur
Muhammad.
Nuli nyata’ake cahyo luhur metune ugo songko
wadah kang diarani Alam Wahdat, iku mau
tumetes dadi nur Muhammad, yaiku wujude
koyo koco kang bening tur kang bersih
mencorang kang padang rupane agung luhur
tanpo ono kang bandingi kang den arani cahyo
luhur kang dadi wijine sekabehane alam.
Sakwuse mangkono banjur suwijine Allah
Ta’ala kerso nyampurnaake keberahehane kanti
nganggo coro yaiku ngumpulake nur
Muhammad, nuqad ghaib, roh idlofi.
Dene olehe carane ngumpulake iku nur
Muhammad kanolas kelawan nuqad ghaib.
Banjur kapanjengake marang roh idlofi kelawan
sampurno lan yaiku kang den arani Teluning
Tunggal. Banjur kena den arani wus sampurno
wujude nur Muhammad. Banjur nur
Muhammad iku mau dinamani Nurul Hayat
Muhammad tegese wujud padang tur urip tur
dialam banjur ketingal nyata sifate Allah kanti
sampurno yaiku kang den arani Ta’ayun Awal.
Sakwuse mangkono banjur Nurul Hayat
Muhammad yaiku den simpen dening Allah den
sinempen ingdalem Nurullah. Dadi kasimpene
nurul hayat Muhammad imgdalem nurullah iku
mau soroh ukure koyo kasempene kemanten
putri ono ing dalem kamar kakumpulake karo
kemanten kakung.
Dene kemanten kakung iku den arani Nurullah
kang den ibaratake lanang sejati utawa den
arani lanang sejati. Dene kemanten putri iku
diarani Nurul Hayat Muhammad kang den
ibaratake wadon sejai utawa diarani wadon
sejati.
Dene kumpule Nurullah lan Nur Muhammad iku
mau kasi ora kena den beda’ake wujude lan
ora kena den bedaake rupane ingga lawase
kasi teka mongsa seket ewu tahun sak wuse
ganep mongsa seket ewu tahun karepe
Nurullah lan Nur Muhammad iku mau banjur
Nur Muhammad ketingal ngandut yaiku
ngandutake sekabehane alam.
Tumuli suwijine Allah Ta’ala ngadep marang
nur Muhammad kanti ndangu nur Muhammad,
pandangune mangkene: Alastu birobbikum
artine Opo dudu ingsun tho nur Muhammad
pengeran. Nuli nur Muhammad inggal-inggal
matur suwijine Allah Ta’ala aturane mangkene
Qaluu balaa, artine olehe matur wo inggih
jeandiko meniko gusti Pangeran dalem. Mulo
ono tembung jowo kumpule lanang sejati
marang wadon sejati, iku den tembungake rabi
yaiku asal miturut naliko kumpule Nurullah lan
nur Muhammad. Banjur ono pandangu alastu
birobbikum iku mau. Sakwuse mangkono
banjur nur Muhammad sujud marang suwijine
Allah Ta’ala tanda bekti marang suwijine Allah
Ta’ala , lawase ugo mangso seket ewu
tahun.Olehe sujud rambah kaping limo dadi
saben-saben sak sujudan lawase mangso
sepuluh ewu tahun. Yaiku kerono syukur ni’mat
anane kumpule lanang sejati marang wadon
sejati kang den arani Nurullah lan nur
Muhammad. Mulo kanjeng nabi Muhammad
SAW sak ummate iu mau den ferdlo’ake
ninda’ake shalat limang waktu ing dalem
sedino sewengi kerono shalat iku dadi tanda
bekti syukur ni’mat anane kumpule lanang
sejati marang wadon sejati. Tegese iyo iku
kumpule urip lan raga, dene urip iku den arani
lanang sejati. Laa rago iku den arani wadon
sejati.
Mulo shalat iku kudu eleng urip lan rago iku
mung kagungane Allah. Yen ora eleng koyo
mangkono iku dudu shalat. Dadi kang jeneng
shalat iku ora keno wujud loro, kudu wujud
tunggal urip tunggalmung kariAllah Ta’ala
dewe, iyo koyo mangkono iku isi isine Ba’e
lafad albismillah. Tammat
Banjur iki nerangake isine Sine lafad
Albismillah. Dene huruf Sine lafad albismillah
iku Ilmu Telu lan Asma Telu. Den kang den
arani Ilmu Telu iku pengertian mangerteni
Ahadiyat, wahdat, wahidiyat. Dene kang den
arani AsmaTelu iku Allah, Rahman, Rahim
utawa den arani Allah, Muhammad, Adam
utawa den arani Allah, Urip, Jasad. Tegese
ahadiyat nglaherake wahdat, wahdat
nglaherake wahidiyat.tegese ahadiyat iku
lata’yun, tegese wahdat iku ta’yun awal,
tegese wahidiyat iku ta’yun tsani. Mula sak
wuse sampurna wujude nur Muhammad lan
sakwuse den dangu lan sakwuse nur
Muhammad sembahsungkem tanda bekti
marng suwijine Allah Ta’ala. Banjur suwijine
Allah Ta’ala dawuh kun fayakun. Banjur sak
kolo alam wahdat nglaherake patutone iyo iku
wujud wadah kang den arani alam wahidiyat.
Banjur suwijine Allah Ta’ala dawuh mangkene
Faqaalallaahu Ta’alaa Khalaqtaka liajlii wa
khalaqtul asyyaa-a liajlika wallaahu bikulli
syai-un qadiirun.
Banjur sak kolo wahidiyat nglaherake kabeh
alam sak isine, banjur ketingal kaluhurane Allah
Ta’ala kanti den weruhi kabeh alam iyo iku
kang den arani Ta’ayun Tsani. Dene kang arani
nglaherake alam Wahidiyat iku ana pirang-
pirang alam. Dene katerangane ana bab kang
keri. Wallaahu a’lam.
Bab. Kaping Sepuluh: Nerangake Pangerane
kabeh Alam kang
Den Laherake Alam Wahidiyat
Utawi bab kang kaping sepuluh iku nerangake
pangerane kabeh alam kang laherake alam
Wahidiyat. Dene alam kang den laherake alam
Wahidiyat iku:
1) Alam Arwah
Dene kang den arani alam arwah iku tegese
wadah. Dene isine alam arwah iku sekabehane
roh kang dadi rohe barang-barang kang urip
kanti bernyawa. Dene sekabehane roh nalika
isih den wadahi alam arwahiku isih tunggal
rupane lan tunggal wujude. Dene wujude mung
kaya banyu kentel dene rupane putih wis mung
ngono iku kabeh nyawa.
Dadi ora ana bedane rohe para Malaikat lan
rohe para Nabi lan rohe para ‘Ulama’ lan rohe
bajingan lan rohe asu lan rohe ketek lan rohe
celeng lan rohe apa wahe. Mula ojo pisan-
pisan siro kabeh rumongsa luwih bagus lan
luwih lulur lan luwih sampurno, jalaran roh iku
nalika isih den wadahi ana alam arwahe isih
tunggal wujude lan tunggal rupane ora ana
bedane babar pisan, lan kabeh iku mung
kagungane Allah. Lamun kasi rumangsa luwih
luhur lan luwih bagus lan luwih sampurna iku
kliru banget.
2) Alam Mitsal
Dene alam Mitsal iku ugo kena den arani
Wadah. Dene isine alam Mitsal iku sekabehane
roh kang wus den pisah lan den beda’ake
wujude lan den beda’ake rupane. Dene rupane
sakabehane roh iku mau sak wuse ana alam
Mitsal ana kang putih lan ana kang abang lan
ana kang kuning lan ana kang ijo lan ana kang
biru lan ana kang ireng lan ana kang dadu.
Lan waktu sewmono iku wus den arani pisan
karo kang anduweni tegese kang kanggonan
roh iku mau lan wus den pesti pisan masalah
kederajatane lan sugih miskin lan bejo cilokone
lan pati urip. Mula arane nalika semono iku
wus nreima pandum nalika semono iku kana
den arani nompo Qadrat Tanjizi tegese Pesten
kang ora kena den brobah, labok keana apa
olehe akal wis ora bisa brobah babar pisan.
Mula kena den arani Husnus saabiqah, Husnul
khaatimah, Su-us saabiqah, Su-ul khatimah.
3) Alam Ajsam
Dene kang den arani alam Ajsam iku ugo
wadah, yaiku wadah kang wus kanggo madahi
roh iku Jisim arane, lan roh kang wus den
wadahi jisim, jisim opo wae buh jisim alus buh
jisim kasar surah ukure koyo jin malaikat lan
jisim jin lan jisim syetan lan sak penunggalane
lan jisim masuso lan jisim rumangkang lan
sakpanunggalane.Wallahu a´lam.
4) Alam Insan Kamil
Dene kang den arani Alam Insan Kamil iku ugo
wadah, yaiku kanggo madai sing wujud rupa
manuso kang sampurno tegese manuso sing
wis wujud sampurno. Tegese jasat lan gaotone
wis komplit roh lan akale wis komplit dene
kang arane Kamilul Insan iku menungsa kang
wis sampurna sekabehane dhahir batin amal
lan ilmune, pati lan urip.
Tegese yaiku manungsa kang ngerti asale lan
ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti uripe
lan ngerti patine sak piturute yaiku kang den
arani Insan Kamil utawa den arani Kamilul
Insan.
5) Alam Donyo
Dene kang den arani Alam Donyo iku ugo keno
den arani wadah, tegese yaiku wadah kang
isine iku mau werno-werno, tapi werno-werno
iku ora ana kang luwih nyenengake mungguhe
Allah. Yaiku isine mung sarwo kuciwo adon-
adon kang sarwo konco yen sugih iyo mung
sugih sengsoro yo sugih susah sugih kangelan
sugih cobo sak piturute. Mulo sak temene
manggon ana alam donyo iku mungguhe wong
ahli Allah ora ngrasake krasan jalaran saking
rupake donyo koyo-koyo upama kon milih
manggon ana Alamul Ulwi tapi rehne ora kena
mileh kapekso dhohir ana alam donyo, batin
ana alam kabra iyo iku Allah. Dadi yen ahli
Allah iku dhohir amor wong. Batin amor Allah
dadi banjur ana longgare. Dadi wong ahli Allah
iku lamun amor mahluk rumongso ora betah.
Dene wong ahli akherat iku ugo ora betah
manggon ana alam, jalaran deweke rumongso
ora nikmat koyo-koyo gandrung banget
marang akherat, margo akherat iku ana
panggonan nikmat, yaiku suwargo. Dene ahli
donyo utowo wong ahli donyo iku wedi mati lan
wedi akherat adoh banget elinge marang Allah
jalaran saking gandrunge perkoro donyo kasi
lali marang Allah lan lali akhirat. Dene alam
donyo iku kapirang dadi papat, yaiku:
i) Den arani alam donyone jin.
ii) Den arani alam donyane syetan.
iii) Alam donyone manuso.
iv) Alam donyone malaikat.
6) Alam Barzah.
Dene kang den arani Alam Barzah iku ugo
wadah kang isine mung begal kang sarwo
medeni kanti gowo alat lengkap, dadi yuen
arep ngambah alam barzah iku ugo kudu gowo
senjoto telu, yaiku:
1. Den arani Iman Tauhid
2. Den arani Iman Baqa’
3. Den arani Iman Kamil Mukamil.
Dene kasi ora gawe senjoto Telu iku mau siro
mesti kalah karo begale. Laa bok sangu amal
ngebaki jagat mawon kabeh mergo dalane
kang den toni iku kleru sing jurusan menyang
kuto Khufratun min khufratin naari kancane
ning kono amor makhluk, mulo senjoto telu iku
mau awit sak golekono sing kasi ketemu ben
biso amor Allah ngambah alam barzah amor
Allah dalane banjur oleh dalan sing jurusan
menyang kuto Radlatun min raadlatil jannah.
Ana kuto kono omah amor Allah. Tegese alam
barzah iku luweh rupek, luwih peteng, luweh
gawat, jalaran barzah iku ilang utowo cepet.
Dadi ngambah alam Barzah iku ora usah sangu
donyo, ora usah sangu akherat, yen sang
donyo ora kanggo, yen sangu akherat ugo ora
kanggo, sangu amal ugo ora kanggo, tuwas
ngebot-ngeboti. Yaiku pawelingku ojo pisan-
pisan sak iki kasi ora ngambah alam barzah.
7) Alam Kubur
Dene kang den arani Alam Kubur iku manggone
ana Alam Antoro yaiku dudu donya dudu
akherat yaiku wadah.Dene isine wadah kang
den arani Alam Kubur iku ana 2 ;
− Sing siji den arani rawdlatun min rawdlatil
jannah.
− Sing siji iku den arani hafratun min hufratin
naar.
Dene loro-lorone iku mau ugo wadah. Dene
wadah kang den arani rawdlatun min rawdlatil
jannah iku isine Uripe wong mukmin lan
cuwilane kanikmatan suwargo pinongko kangge
kemaremane wong mukmin.
Dene wadah kang den arani hafratun min
hufratin naar iku isine uripe jin, syetan, manuso
kang podo kafir yaiku uripe wong sing wutho,
wong sing tuli, tegese wong sing wutho iku
wong kang ora weruh Allah lan sing ora weruh
bakale lan ora weruh gawene lan ora weruh
dadane lan ora weruh panggonane lan ora
weruh manggone lan ora weruh kang den
nggoni lan ora weruh uripe lan ora weruh kang
den uripi lan ora weruh lungane lan ora weruh
tekane lan sak piturute, Yaiku kang arani wong
wutho. Uripe banjur sasar pada karo wong sing
kabegal ana Alam Barzah, uripe pada ana
hafratun min hufratin naar. Among karo uripe
syetan lan uripe jin, mulo awit sak iki rehne
awake iku mati kudu ndang den kubur ana
kubur Jati. Yen ora ndang den kubur selak
ngambon-ngamboni. Kerono ambune awak
mati iku luwih bacin. Dene yen wis den kubur
sampurno iku banjur ora ambon-ambonen.
8) Alam Akherat
Dene kang den arani Alan Akherat iku wis ora
ana alam maneh, yaiku alam kang kari dewe
lan kena diarani Alam Pungkasan lan kena den
arani Alam Kelanggengan, wis ora ana
perubahan maneh, iyo alam akherat iku kena
den arani Wadah, dene isine wadah kang den
arani alam akherat iku negara Loro, yaiku ;
Ø Kang siji den arani Suarga,
Ø Kang siji den arani Neraka.
Dene negara kang den arani Suarga iku
negarane wong-wong sing ahli dasar taqwa,
yaiku wong-wong sing Yuk minuuna bil ghaibi
wa yuqiimuunash Shalaata tegese wong-wong
sing ngerti yang ghaib lan percoyo yang ghaib
tegese iyo ngerti asale lan ngerti gawene, lan
ngerti dadine, lan ngerti wungkule, lan ngerti
pecahe, lan nganti wungkule maneh, yaiku
jenenge bongso malaikat lan para nabi lan para
wali lan para mukmin haq lan suarga iku
pirang-pirang omah.
Dene omah-omah iku kang manggon wis pada
gowo nomer dewe-dewe, tegese wis pada gowo
keplek dewe-dewe, dadi mung kari nyocokake
keplekake dewe-dewe, ora ana kang rebutan
gon lan ora ana kang meri.
Dene negara kang den arani Neraka iku
negarane bongso syaitan lan negarane bongso
jin lan negarane wong-wong sing podo kapir,
negarane wong sing podo wuto ora biso weruh
asale, oara weruh gawene, ora weruh dadine,
ora weruh dadine, ora weruh wunggule, ora
weruh pejahe, ora weruh wutuhe maneh.
Mulane wong Islam ahli Iman ferdlu banget
usaha pangertiyan miturut dawuhe kanjeng
nabi Muhammad SAW mangkene: “ Thalabul
ilmi fariidlatun ‘alaa kulli muslimin wa
muslimat ” Sak temene yen kasi ora ngerti
banjur sasar. Yen wis ana alam akherat banjur
manggon ana omah negara Neraka, yaiku amor
karo uripe syetan lan uripe jin lan kabeh wong
sing podo wuto margo dosone. Telas pirangane
alam kang den laherake Alam Wahidiyat.
Bab. Kaping Sewelas: Nerangake Ilmu Hakekat
Dene kang den arani Ilmu Hakekat iku
mangerteni badan alus kang manggon utowo
kang lungguh ana sak jerone rogo. Miturut
dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al
Qur’anul Karim mangkene “Wa ‘allama
Aadamal Ismaa-a kullahaa ilakh”. Artine
mangkene; Suwijine Allah Ta’ala wus
ngertekake marang nabi Adam, yaiku masalah
ilmu ma’ripat lan ilmu Hakekat.
Tegese yaiku den retekake jeneng-jeneng
badan alus kang ana sak jerone badan wadak,
tegese yaiku badan alus kang ana sak jerone
jasad lan gaoto den retekake asal mulane lan
gawene lan dadine lan penggawehane iki
rupane badan alus kang manggon ana sak
jerone badan wadak, yoiku ;
1. Nafsu Aluwamah
Dene nafsu Aluwamah iku anduweni angin
Nafas, arane rupane iring. Dadi ngumpule
nafsu aluwamah lan angin nafas iku dadi
wujud tunggal rupo, tunggal rasa, tunggal
wujude koyo manuso kang luwih gagah, gede
duwur, godek, brewok, rupane abang ireng
manggone ana waduk, yen ngucap gorekake
jagat, rasane ajak menyang penggawe olo,
tunggangane macan, pelawangane ana
Cangkem, Pujine Laa ilaaha illallaah yaiku dadi
gurune sekabehane brojo, penggawehane
mulang sekabehane gaoto
Dene asal mulane nafsu aluwamah iku songgko
woh khuldi. Dene asal mulane nafas iku
songko Nurullah. Dene dumadine aluwamah iku
sakwuse den dahar ibu Hawa lan nabi Adam
as. Dene tekane nafas lan nafsu Aluwamah
kangge nabi Adam as iku nalika umur satus
ewu taun. Dene kangge ibu Hawa iku sakwuse
umur seket ewu taun. Dene kangge turun Adam
as iku sakwuse ana wetengan patang sasi
yaiku aran syetan haqiqi lan yaiku ora pisah
babar pisan karo badan wadak selawase, awan
bengi, pisahe yen wis teko janjine. Yen ambah
alam barzah naliko kari perpisahan antorone
nafsu aluwamah lan nafas iku peristiwa geden-
gedenan. Mulo awit nom ngasi tuo ngasi tekan
janji kudu terus ngambah alam barzah supoyo
nafsu aluwamah lan nafas alate peristiwa
waktu iku bisa leleh lan larut sampek tekan
baline bebarengan menyang jasad jati.
Wallaahu a’lam.
2. Nafsu Amaroh
Dene nafsu Amaroh iku anduweni angin
Tanafas, yaiku abang rupane. Dene nafsu
Amaroh iku kuning rupane, banjur loro-lorone
iku kumpul dadi suwiji lan iku wujud tunggal
rupo, tunggal raso, tunggal wujude koyo
manuso rupane bagus gedene mejono, kulitane
abang semu kuning, tanduke alus tur sumeh.
Den kelakuane olo gelem, apek gelem,
terkadang ngetotake nafsu Aluwamah lan
terkadang ngetotake nafsu sofiyah lan loro-
lorone iku ugo tunggal panggonane
Panggonane ana Ati, pelawangane ana Irung,
tunggangane buto, yaiku dadi kekesihane
sekabehane brojo lan keteguhane.
Dene asal mulane nafsu Amaroh iku songko
woh khuldi. Dene asal muasale Tanapas iku
sangko Nurullah. Dene dumadine iku kangge
nabi Adam as lan ibu Hawa lan tur wus adam
iku pada karo nafsu aluwamah lan napas yaiku
aran pangemban sirri lan yaiku ora pisah babar
pisan, rino wengi selawase tansah jogo marang
badan wadak, keslametane kabeh selagi
durung teko janji lan pisahe kanti aman lan
tresnan-tresnanan hinggo bali biso ketemu
maneh kumpul ana jasad jati.
3. Nafsu Sofiyah
Dene nafsu Sofiyah iku anduweni angin Anfas,
biru rupane. Laa dene nafsu Sofiyah iku putih
rupane. Dene kumpule nafsu Sofiyah lan angin
anfas iku rupane kena den arane putih semu
biru utowo den arane biru laure lan loro-lorone
iku tunggal wujude lan tunggal rupane lan
tunggal panggonane. Dene panggonane iku ana
Otot, pelawangane ana Mata, gawene dulu olo
lan becik yaiku kang dadi pengerane sekabeane
brojo.
Dene asal mulane nasfu Sofiyah iku ugo
songko woh khuldi. Dene dadine iku barang
karo nafsu aluwamah. Dene asal mulane nafsu
ugo Nurullah. Dene dadine iku ugo bareng karo
nafas. Dene tekone lan lungone lan baline pisan
marang jasad jati iku ugo bareng karo nafsu
Aluamah lan nafas.
4. Nafsu Muthmainnah
Dene nafsu Muthmainah lan Nufus iku ugo
tunggal wujude lan tunggal rupane lan tunggal
gawene yaiku dadi keteguhane lan trengginas
ngadep marang Allah. Dene manggone iku ana
utek, pelawangane ana Irung, tunggangane
gajah putih.
Dene asal mulane nafsu Muthmainnah iku ugo
songko woh khuldi. Dene dadine iku ugo
bareng karo nafsu Aluwamah. Dene Nufus iku
ugo songko Nurullah. Dene dadine iku bareng
karo nafas. Dene tekone lan lungone iku ugo
bareng lan baline menyang Jasad Jati iku
kabeh ugo bareng.
5. Roh Jasmani
Dene roh jasmani iku dadi rohe sekabehane
awak yaiku sejatine Sukma arane. Dene
gawene iku purbo nafsu aluwamah.
Dene rupane lan lungguhe tegese manggone
lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo
nafsu aluwamah.
Dene asal mulane lan dadine lan tekone lan
lungane lan baline lan pisah kumpule iku
tunggal karo nafas.
6. Roh Robbani
Dene roh robbani iku songko kang wasesa
nafsu Amarah. Dene rupane lan lungguhe lan
pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu
amarah.

lungane lan baline lan mulehe lan pisahe lan
kumpule iku ugo tunggal bareng karo Nafas lan
Tanafas.
7. Roh Rohmani
Dene roh rohmani iku songko Langgeng arane,
dene gawene iku ngambani nafsu Sofiyah.
Dene rupane lan lungguhe lan pujine lan
tunggangane iku tunggal karo nafsu Sofiyah.

lungane lan baline iku ugo tunggal karo nafsu
aluwamah.
Dene nafsu Rohmani asal mulane lan dadine
lan tekone lan lungone lan baline iku tunggal
karo nafas.
8. Roh Idlofi
Dene roh Idlofi iku songko Luhur arane, dene
gawene iku melayani marang nafsu
Muthmainnah. Dene rupone lan lungguhe lan

Muthmainna.
Dene asal mulane roh Idlofi lan dadine lan
tekone lan lungone lan baline lan mulehe lan
pisahe lan kumpule iku pada karo nafas. Dene
asal mulane nasfu muthmainnah lan dadine lan
tekone lan lungane lan baline lan pisahe lan
kumpule iku tunggal lan bareng karo nafsu
Aluwamah. Dene kabeh nafsu patang perkara
iku kang beda mung lungguhe, tegese
manggone lan penggawehane.
Dene roh kudus iku sejatine Urip, yaiku roh
suci kang diarani Ruhullah, tegese rohe Allah
kang den juluki Ratu Ning Urip utowo dijuluki
Ratune Roh utowo den juluki Sukmo Sejati
Sejatine Sukmo lan yaiku kang nguasani
sekabehane roh lan jasad.
Mula pada siro kaweruhana yen kaya
mangkono iku kang den arani Ilmu Ma’rifat lan
Ilmu Hakekat, jalaran yen ora mangerti kaya
mangkono iku banjur ora weruh marang
dununge urip lan dununge pati lan ora
mangerteni dununge Gusti lan dununge
ngawulo.
Sejatine ngono sing urip iku Gusti, laa sing
mati iku kawulo. Mulo mangertiyo saktemene
Allah, Muhammad, Adam iku tunggal.tegese
suroh ukure olehe tunggal koyo ler upamane
iwak telu ndase siji. Jalaran Allah iku dzat
tegese Ahadiyat tegese yaiku isih wujud
tunggal urip tunggal rasa tunggal lan kena den
arani Dzat Sejati Sejatine Dzat.
Dene Muhammad iku sifat tegese Wahdat
tegese yaiku dadi rupane Dzat. Dadi wujude
tunggal karo dzat, rupane tunggal karo dzat.
Dadi Allah lan Muhammad iku tunggal wujud
tunggal rupa. Kerono rupane Muhammad iku
sejatine rupane Allah, wujude Muhammad ya
wujude Allah.
Dene Adam iku asma yaiku Wahidiyat. mulo
arane Telu ning Tunggal yaiku dadi Asmane
Dzat tegese dadi arane Allah. Dadi Adam iku
dadi Asmane Allah wujude Adam wujude Allah
rupane Adam rupane Allah jenenge Adam
jenenge Allah. Dadi kena den arani Adam,
Muhammad, Allah, iku tunggal wujud tunggal
rupa tunggal Jeneng.
Rehne iwak telu ndase mung siji, mulo awak
sak buntute iku sejatine mung oteke ndas. Dadi
Allah iku duweni Allah Muhammad duweni
Allah adam duweni Allah kabeh alam iku
gawene Allah. Dadi wujude alam iku iyo wujude
Allah rupane alam iyo rupane Allah, jalaran
alam iyo jenenge Allah gawene alam iyo
gawene Allah. Dadi kena den arani dhahire
pirang-pirang tapi sejatine iku mung siji mung
tunggal. Dadi awal akhir dhahir batin iku mung
siji mung Allah beloko. Mulo dawuhe Allah
mangkene: Allaahu huwal awwalu wal akhiru
wa huwa bikulli syai-an qadiirun.
Mulo kena den arani iko Allah iki Allah iku
Allah kono Allah kene Allah kono Allah jalaran
ndase iku mung siji.
Bab. Kaping Rolas: Nyarita’ake Sakwuse
Suwijine Allah Ta’ala
Ngretekake ILmu Ma’rifat lan ILmu Hakekat
Marang Nabi Adam
Utawi bab kang kaping rolas iku nyeritakake
sakwuse suwijine Allah Ta’ala ngretekake Ilmu
Ma’rifat lan Ilmu Hakekat marang nabi Adam.
Dene sakwuse Allah Ta’ala ngretekake ilmu
Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang nabi Adam.
temuli suwijine Allah Ta’ala banjur kerso
ngumpulake sekabehane para malaikat. Temuli
nabi Adam den adepake para malaikat. Temuli
suwijine Allah Ta;ala dawuh marang malaikat
dawuh mangkene : Hai para malaikat sak iki
sira kabeh pada ngretiyo iki lo kang Sun
dadekake khalifah, tegese kang Sun dadekake
ratu ana ing bumi kang Sun namani nabi Adam
kang Sun dadekake luhur-luhure titah. Cabo
sak iki nerangno ilmu ma’rifat lan nerangno
ilmu hakekat marang nabi Adam, iki yen siro
iku bener temenan.
Sakwuse mangkono temuli sekabehane para
malaikat iku mau pada ngaturake kalepatan
marang suwijine Allah Ta’ala serono kanti
depe-depe, ature mangkene: Duh Gusti kula
ngaturake kalepatan soho kawula sampun
bersihake diri kula dumateng ngarsa
Panjenengan dalem bileh sak estunipun kula
meniko panci boten mangertos menapa-
menapa kejawi ingkang sampun panjenengan
retosake tuwin boten wonten maleh ingkang
ngretos soho wicaksana kejawi Panjenengan
Dalem.
Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah
Ta’ala inggal-inggal dawuh marang nabi Adam,
dawuhe mangkene: Hai kekasihe Ingsun nabi
Adam, saktemene mulo sira Sun adepake
marang para malaikat perlu supaya sira dadi
geganti Ingsun yaiku nerangake kang aran ilmu
Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang kabeh para
malaikat iu mau”.
Sakwuse mangkono temuli panjenengan nabi
Adam matur kasinggihan temuli panjenengane
nabi Adam enggal-enggal nerangake ilmu
Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang sekabehane
para malaikatiku mau kanti jelas. Sakwuse
mangkono temuli suwijine Allah Ta’ala dawuh
marang sekabehane malaikat iku mau dawuhe
mangkene: “ Hai para malaikat mulo sira pada
mangertiyo saktemene Ingsun iku ngerti
marang sekabehane ghaib-ghaib kang ana
alam langit lan ghaib-ghaib kang ana bumi lan
Ingsun ngerti ugo marang barang-barang kang
sira edengake lan barang-barang kang sira
umpetake”, dalile dawuhe Allah katerangan ana
kitab suci Al-Qur’an Wa ‘allama aadamal
asmaa-a kullahaa tsumma ‘ara dlahum ‘alal
malaa-ilati faqaala anbi-uunii biasmaa-a haa-
ulaa-i in kuntum shaadiqiin ۪ Qaalu subhaanaka
laa ‘ilma lanaa illaa maa ‘alamtanaa innaka
antal ‘aliimul hakiim ۪ Qaala yaa aadamu
anbikhum bi asmaa-ihim falammaa anba-
ahum bi asmaa-ihim qaala alam aqul lakum
innii a’lamu ghaibas samaawati wal ardli L wa
a’lamumaa tubduuna wa maa kuntum
taktumuuna.
Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah
Ta’ala dawuh maneh marang malaikat lan para
jin lan para syetan kang bangsa ibles supaya
pada sujud marang nabi Adam, tegese supaya
pada taat marang nabi Adam. Temuli para
malaikat matur kasinggihan temuli para
malaikat pada netepi sujud pada taat marang
nabi Adam.
Dene jin lan syetan tegese bangsa ibles tansah
pada bangkang lan gumede ora ana kang pada
sujud lan taat marang nabi Adam. Mula ibles
lan balane iku dadi kafir. Dene dalile iku mau
miturut dawuhe Allah katerangan ana kitab
suci Al-Qur’anul Karim mangkene Faqaala
ta’alaa: Wa idzqaala rabbuka lilmalaa-
ikatisjuduu liaadama fasajaduu illaa ibliisa
aabaa wastakbara wa kaana minal kaafiriin.
Sakwuse mangkono temuli Suwijine Allah
Ta’ala kersa mulyaake marang nabi Adam
kanti den panggenake ana suwargo. Sakwuse
nabi Adam manggon ana suwargo antara
lawase mangsa seket ewu taun, temuli suwijine
Allah banjur dangu marang nabi Adam,
pandangune mangkene Qaala ta’aala: Yaa
aadama afatusyriku fil jannati marahan. Artine
Hai kekasih Ingsun nabi Adam opo to sira
butuh konco kerana kangge kemareman sira
ana suwargo, nabi Adam.
Sakwuse mangkono panjenengane nabi Adam
inggal-inggal matur marang suwijine Allah
Ta’ala, mature mangkene: Qaala na’am inna
rabbi haitsu yasyaa-u. Artine Panjenengane
nabi Adam inggal matur marang ngersane Allah
Ta’ala ature mangkene Duh Gusti Pangeran
dalem meniko pengeran adalem matur sembah
nuwun mbok bileh panjenengan Dalem kerso
amaringi konco dateng dalem.
Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah
Ta’ala kerso amotong igo wekase nabi Adam.
Nabi Adam tanpa kroso loro babar pisan naliko
kapotonge igo wekas iku mau kapintoake
marang nabi Adam sarto suwijine Allah Ta’ala
dangu marang nabi adam pendangune
mangkene “ Hai kekasih Ingsun nabi adam opo
to kang sumeleh ono ngarep iro iku “ ,temuli
nabi Adam inggal matur marang suwijine Allah,
mature mangkene: “ Duh Gusti, kulo kok
mboten mangertos”.
Sakwuse mangkono suwijine Allah temuli
dawuh marang nabi Adam dawuhe mangkene; “
Hai kekasih Ingsun nabi Adam, saktemene kang
sumeleh ono ngarep iro iku igo wekas iro yaiku
kang calon kanggo kanco iro ono suwargo
kono”. Sakwuse mangkono temuli suwijine
Allah Ta’ala dawuh Kun fayakuun. Banjur sak
kale balong igo wekase nabi Adam sak naliko
dadi manuso sampurna yaiku arane Ibu Hawa
kang dadi garwane nabi Adam.
Sakwuse mangkono temuli suwijine Allah
Ta’ala dawuh katerangan ana kitab suci Al-
Qur’anul Kariim yaiku mangkene dawuhe ; Wa
qulnaa yaa aadamuskun anta wa zaujukal
jannata wa kulaa minhaa raghadan haitsu
syiktumaa wa laa taqrabaa haadzihisy
syajarata fatakuunaa minadh dhaalimiinal
aayah. Artine: Hai kekasih Ingsun nabi Adam,
suwijine Ingsun dawuh rungokno temenan sak
iki ugo siro lan bojo iro tetepo manggon ana
suwargo lan podo mangano wong loro koro
barang-barang kang ana suwargo rupo woh-
wohan karep iro nabi Adam lan ibu Hawa, dene
kang Sun larang mung siji ojopisan-pisan
Adam lan Hawa kasi nyedak iki kayu Khuldi,
ojo maneh kasi nyekel gedene metil wohe, yen
siro kasi nerajang waleran Ingsun kalebu
wongkang nganiaya lan bakal Sun wethoake
suwargo.
Tan kucapo sakwuse nampa dawuh kang kaya
mangkono iku antara lawase mongso seket
ewu taun, banjur katekanan syetan angeridu
ibu Hawa nuli ibu Hawa kepengin mangan woh
khuldi iku kasi koyo wong nyidam ora kena den
penggak babar pisan kasi mekso marang nabi
Adam supoyo nabi adam metilake woh khuldi.
Laa waktu semono iku antara nabi Adam lan
ibu Hawa kasi meh cecongkrahan, suwe –suwe
nabi Adam kapekso metil woh kholdi, banjur
woh kholdi iku mau diwehake marang ibu
Hawa deneng nabi Adam. Temuli woh kholdi
iku mau kadahar karo ibu Hawa antara wus
entuk rong pertelon sak naliko ibu Hawa metu
kopeke. Laa woh kholdi kang kari sak pertelon
iku mau banjur den wehake marang nabi adam
dening ibu Hawa. Kanti ngucap mangkene ibu
Hawa; Wah woh khuldi iku panci enak banget
rasane kabeh, panganan ora ana kang bandingi
enak-e yen den pangan nikmate kasi rata sak
awak. Iki lo bopo adam jajal rasakno kang
selining iki, nuli woh kholdi kang selining iku
den tapa dening nabi adam, sakwuse woh
kholdi den tanpa banjur den dahar dening nabi
adam. Laa sakwuse nabi adam dahar woh
kholdi kang sak pertelon iku mau banjur sak
kolo nabi Adam metu gulune menjing.
Mula koyo mengkono sak temene pokoke lan
wijine nafsu Aluwamah lan nafsu Amarah lan
nfsu Shufiyah lan nafsu Muthmainnah iku ora
liyo ugo sangko woh kholdi. Hinggo nabi adam
lan ibu Hawa bisa anduwini syahwat sak
piturute iku ugo sangko woh kholdi. Mula
kedadehane syahwat wong lanang iku mung
sak pertelone wong wadon, mergo olehe
mangan woh kholdi kangge nabi Adam iku
mung sak pertelon, kangge ibu Hawa rong
pertelon.
Dene dalile katerangan iku miturut dawuhe
gusti Allah, katerangan ana kitab suci Al-
Qur’an mangkene: “Faqaala ta’aala; Fa-azal
lahumasy syaithaanu ‘anhaa fa-khrajahumaa
mimmaa kaanaa fiihil aayah”, sakwuse nabi
Adam lan ibu Hawa koyo mangkono iku mau
banjur suwijine Allah Ta’ala banjur duko kang
banget marang nabi Adam lan ibu Hawa hinggo
nabi Adam lan ibu Hawa den lucuti dening Allah
Ta’ala sandangan suwargo kang agem nabi
Adam lan ibu Hawa.
Temuli nabi Adam lan ibu Hawa den wetoake
songko suwargo dening Allah Ta’ala sarta den
pisah antarane nabi Adam lan ibu Hawa kasi
ora bisa ketemu babar pisan suiwene ngangti
wolu likur dino yaiku awit tanggal telulas (13) .
wulan slakase tanggal songo (9). wulan Besar
katerangan ana hadits Qudsi. Suweneh qaidah
ngarani patang puluh dino (40).
Katerangan ana tafsir Jamal, dalile dawuhe
Allah katerangan ana kitab suci AL Qur’an: “
Fa-akhra jahmaa mammaa kaanaa fiihi ilakha.
Tapi ngertiyo sak temene kabeh iku mau mung
kanggo conco yen turun Adam yen arep
kumpul antarane lanang wadon kudu kanti
‘aqad nikah sakwuse ‘aqad nikah banjur den
temoake iku miturut sejarah naliko nabi Adam
lan ibu Hawa den turunake songko suwargo
menyang donyo kanti den pisah nuli ketemu
ana Jabal Arafah naliko tanggal songo(9)
wulan Besar nuli nabi Adam lan ibu Hawa
banjur salaman nuli lungguh jejer wuquf ana
kono banjur budal menyang Muzdalifah hinggo
kasi teko Mekah tanggal sepuluh(10).

←←←← RAHASIA BISMILLAH  1.

RAHASI BISMILLA 2