♥♥Kitab Ushulul Ma’rifat♥♥
SYEH HAJI MUHAMMAD SIROJ ARIF BILLAH
Bismillaahir rahmaanir rahiim
Alhamdu lillaahi wahdahu laa syariikalahu washshalaatu was salaamu ‘alaa rasuul llaaahi wa ‘alaa aalihi wa shahbihii wa man wa laahu laahawla wa laa quwwata illaa billaahi. Asyhadu al laa ilaaha illallahu allaahu wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rasuuluhu ammaa ba’du. Faqaalasysyakhus siraajul ‘aarifu qad allaftu kitaaban almusamma bi ushuulil ma’rifati wat tawhiidi wa ja’altuhaa abwaaban albaabul awwali fii bayaani tafsiimil bismillaahi ay ‘ilmal bismillaahi wasirra ahruu fihaa liannahaa ibtidaau kulliamrin waghayatuhaa wa ibtidaau kulli kitaabin minal qur aanil kariimi ilaghayrihaa.
Artine mangkene :
Panjenengane Syeh Siroj ‘Arif Billah ngandika wus temen-temen nganggit sapo ingsun ing kitab kang den arani Ushulul Ma’rifat lan ugo di arani Ushulut Tauhid. Lan kitab iku di dadekake kanti pirang-pirang bab utawi pirang-pirang fasal : Dene utawi bab kang sepisan iku nerangake bahasane lafat Bismillah. Tegese nerangake isine lafad Bismillah lan nerangake pengerten artine lafad Bismillah lan pangerten isine harupe lafad Bismillah. Jalaran saktemene Bismillah iku dadi kawitane sekabehane perkoro. Lan dadi pusangkasane sekabehane perkoro. Lan ugo dadi kawitane sekabehane kitab awit saking kitab Qur an maring liya-liyane.
Dadi yen siro arep mangertene sejatine allah iku kudu mangerteni ing isine lafad Bismillah.
Yen siro arep mangerteni alam sak isine iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.
Yen siro arep mangerteni ing isine ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.
Yen siro arep mangerteni kembange ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.
Yen siro arep mangerteni ing wohe ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.
Yen siro arep mangerteni ing pathoane ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.
Yen siro arep angerteni ing dadunge ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.
Yen siro arep angerteni ing akehe ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah .Yen siro arep angerteni ing shalat ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah. Wis cekae arep mangerteni opo wae iku kudu mangerteni ing isine Bismillah sampek mas-alah dhahir bathin awal akhir iku iku kabeh kamot ing Bismillah. Mulo wang lanang wadon iku wajib mangerteni ing artine isine lafad Bismillah. Yen siro kasi ora ngerteni lan ora weruh ing artine Bismillah iku dadi kafir.
Tegese mripat lan atine isih kaling-kalingan, tegese wong iku durung biso ma’rifat billah kang sampurno senajan wong iku mau wus sampurno utowo wus kuncoro alim olehe munduk wus sewu tahun.lan gurune wus sewu guru. Lan kitabe wus sewu kitab. Lan muridewus pirang-pirang ; tegese wus ewon-ewon. Lan biso mlaku ono sakjerone banyusegoro tanpo prahu. Lan biso mlaku sakjerone bumi. Lan biso metu awang-awang tanpo tumpaan. Lan selulup ono ing geni tanpo kroso panas lan biso ngilang. Lan jopo opo wae duwe. Lan ibadahe luweh khusuk yen dongo opo kang dituju teko, tapi wong iku mau kok ora weruh lan ora ngerteni ing artine lan isine lafad Bismillah lan isine huruf lafad Bismillah maka isih kafir ‘Ibdallah. Senajan wong iku turun kiyai utowo turun wali utowo turun turun wong alif lan turun nani pisan iku mau yen ora ngerti ing isine Bismillah ugo isih kafir ‘ibdallah, islame isih ‘Indannas. Dene yen wis ngerteni lan biso weruh ing artine Bismillah lan isine hurupe lafad Bismillah . senajan wong mau turun Jawa utowo turun Cina utowo tiurun Walondo utowo turun butho. Lan senajan wujud Jawa utowo wujud Walondo utowo wuyjud Cina utowo wujud butho utowo wujud Dayak lan sak piturute iku wus Islam ‘Indallah. Mulo yen siro kepengin dadi wong Islam ‘Indallah mbuh wong lanang mbuh wong wadon mbuh tuo mbuh enom podo ngestokno lan nemen-nemenono gulek pangerten mangerteni ing artine lan isine hurupe Bismillah. Pomo-pomo ojo sembrono lan ojo kasi ora ngerti ing isine Bismillah. Yen ora ngerti mongko ora afsoh kabeh amale lan ora diterima deneng Allah, mongko ibadah ora afsoh mongko tobat ora diterima.
Banjur ngancik fasal nerangake Alipe Bismillah.
Dene Alipe lafadl bismillah iku satemene alif ahadiyah. Lan diarani alif dzatulwahid. Tegese alif yaiku tondo anane ahadiyah. Tegese tondo anane dzat sejati. Lan nyatane anane pengeran yaiku nyatane anane Allah belaka. Yoiku kang duweni Cahyo Urip. Urip tunggal kang nguripi iyo iku kang den arani Banyu Nur Alif. Lan den arani banyu sejati. Lan den arani ratu ning banyu. Lan den arani urepe Allah. Lan den arani tunggal karupate. Pati tunggal karo urip. Naliko semono iku Allah durung berahi wujude isih wujud mahdhi tegese wujud kang sakwaca. Tegese tegese iseh wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal ora ana liyo-liyo kajobo Allah kang nyata. Ya mangkono iku den arani La-ta’yun tegese durung ono kang ngerteni wujude Allah babar pisan. Tegese isih wujud Dewe tanpo ono kang maujudake urip dewe tanpa ono kang nguripake jumeneng dewe tanpo ono kang Jumenengake. Mula den arani wujud mahdhi lan wujud Dzat Sejati.
Dalile ono kitab suci Al Qur’anul Karim mangkene
Qul huwallahu ahad artine mangkene Dawuhno Muhammad marang ummat kabeh, Yen saktemene Allah iku naliko durungberahi tegese naliko durung kerso andadeake kabeh alam isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal. Yaiku katarangane isine Alipe lafad Bismillah. Wallahu a’lam.
Fasal nyeritaake Ba’e lafadl Bismillah.
Dene Ba’e lafat Bismillah iku tuduh anane Wahdah. Anane wahdah iku nuduhake sifat sejati. Lan ingkang aran sejatine Muhammad. Lan ingkang aran Hakekate Muhammadiyah. Dadi lamun ana womg kok ngaku Muhammadiyah, tapi kok orak ora ngerteni artine Bismillah iku durung Muhammadiyah sejati. Lan uga den arane nyatane Dzatullah, banjur ana sejatine Nurullah. Lan den arani sejatine Nur Muhammad, lan den arani nyatane kenyatahane Allah iya iku kang dadiwijine sekabehane alam.Dadi ngertiya yen alif ladl bismillah iku kang dadi wijine sekabehane urip lan wijine sekabehane ruh. Dadi wujude apawae lan sekabehane apawae lan sebehane barang kang dumadi iku ora liya mung songka ba’e lafadl bismillah dadi ba’e lafadl bismillah iku kena diarani wijine sekabehane alam.
Dadi uripe sekabekabehane alam lan dlahire sekabehane alam iku ora liya mung songka alipe lafadl bismillah lan ba’e bismillah. Kerana alipe lafadl bismillah lan ba’e lafadl bismillah iku dadi bapae lan ibune sekabehane alam. Dene alipe lafadl bismillah iku den arani sejane Nurullah dene ba’e lafadl Bismillah iku den arani sejatine Nur Muhammad nuli sakwuse mangkono Nurullah lan Nur Muhammad iku mahu banjur kumpul dadi suwiji nganti ora kena di bedake babar pisan. Mulane kumpule Nurullah lan Nur Muhammad iku mahu kena den arani kumpule lanang sejati marang wadon sejati iya iku kang den arani Nur Ma’an nur dalile dawuhe Allah Ta’ala katerangan ana kitab suci Al-Qu’anul Kariim mangkene: Nuurun ‘ala nuurin yahdillaahu linuurihi man yasyaau yakhribullaahul amtsaala linnaasi wallaahu bikulli syaiun ‘aliim. Tegese anane nur iku mau kerana setuhune gusti Allah arep nuduhake marang wong-wong kang den kersaake lan dadi conto saka Allah marang kabeh manusa yen sak temene Allah iku ngerti marang kabeh barang dumadi. Telas keterangane anane isine Ba’e lafad Bismillah.
Fasal nyeritaake isine Sine lafad Bismillah.
Dene Sine lafadl Bismillah iku tuduh anane wahidiyat iya iku nuduhake anane ilmu telu lan asma telu. Karena ilmu telu lan asma telu iku sak temene wis ana Sin kano. Dene kang den arani ilmu iku mangerteni Ahadiyat, wahdat, wahidiyat. Dene kang diarani asma telu iya iku: Allah, Muhammad, Adam. Tegese Allah iku Dzad Sejati, Muhammad iku Sifat Sejati, dene Adam iku Asma Sejati iya iku nyatane Rasul.Tegese kang dikarepake rasul iku nur kang uripe saking nuurullah iku nyatane adam. Adam kang dadi bapa-ane manusa kabeh. Mulane manusa iku kena diarani metu songka Adam.
Fasal nyeritaake Mime lafadl Bismillah.
Dene Mime lafadl Bismillah nyataake anane Roh Idlafi. Dene Roh Idlafi iku nyatane anane manusa sejati yaiku sejatine kang jinaten marang sejatine tan kena diwedar yaiku jasat nglimputi badan yaiku nyatane anane af’al sejati. Dene gandenge sin lan mim iku nuduhake anane ‘Alam Arwah lan ‘Alam Misal lan ‘Alam Ajsam lan ‘Alam Insan Kamil yaiku nyatane asmane Allah yaiku nyatane asmane dzat mutlaq. Tegese nyatane Muhammad kang dadi ganti dzat kang nyata. Dadi dzat kang sejatiiku Allah dzat kang nyata iku Muhammad. Lan kena diarani dhahire iku Muhammad. Haqiqate iku Allah. Dadi yen ditingali songka dhahir polah tingkahedzat mutlaq tapi yen ditingali sangka haqiqate polah tingkahe dzat sejati. Mula kabeh iku kena diarani kahanane pangeran lan kena diarani kenyataane Allah ta’ala.
Dene sejatine Allah iku tan asma Allah sejati iku Dzat. Asma Allah iku Rahman, tegese nyatane Muhammad yaiku nyatane Alam Ajsam yaiku nyatane asmane rasul rupane Adam Idlafi. Dadine arane Bismi yaiku jisime Allah lan kena diarani Jisim iku negarane Allah yaiku nyatane asma telu; Jasad, Urip, Allah yaiku kang den arani Asma Telu kang den aku Wujud Tunggal lan den kena diarani Dzat Mutlaq. Dadi badan sak nyawane nyata tunggal banyur kenaden arani Wujud Mutlaq Dzat Mutlaq. Yen mangkono kena den arani Rlan kena den arani Rasa Tunggal lan kena diarani kalimat Syahadat Loro tegese wus ngerti sejatine Allah lan ngerti sejatine Muhammad. Lan wus ngerti sejatine dhahir lan ngerti ing sejatine bathin, dhahire nabi bathine wali. Tegese dhahire Muhammad bathine Allah. Lan den arani jasad Muhammad urip Allah. Lan den arani dhahire kawula bathine Pengeran,” Tegese wus ngerti ing sejatine badan lan ngerti ing sejatine urip,yaiku nyata sejatine bapak lan biyung. Jalaran wus ngerti careme alif, lan careme sin. Banjur nyata wis sekalir kang den basa’ake kayu loro pange siji ˇ rupane yaiku patutane sifat Jalal lan sifat Jamal. Sifat Jalal iku Nurullah yaiku lanang sejati sifat Jamal iku Nur Muhammad yaiku wadon sejati arane. Sifat Jalal iku kuasa ngetoake wesi. Sifat Jamal iku kuasa ngetoake watu yaiku campure wesi lan watu banjur dadi geni à Dene ibarate geni iku campure raga lan urip yaiku kaweruhana kang nyata jalaran ora bakal ana geni yen ora ana wesi lan watu. Lan ora bakal ora anak yen ora bapak lan ibu. Lan ora bakal ana Wahidah yen ora ana Ahadiyah lan Wahdah. Jalaran iku asale metu songka Ahadiyah. Ahadiyah ngelahirake Wahdah ngelahirake Wahidah, Wahidah ngelahirake ing kabeh alam. Ahadiyah makame dzat Wahdah maqame sifat Wahidiyah maqame asma kabeh alam maqame Af’al ora ana Af’al yen ora ana asma. Ora ona asma yen ora ana sifat ora ana sifat yen dzat. Jalaran kabeh Af’al, Asma, Sifat iku haqe Dzat. Mula kabeh iku kagungane Dzat. Dadi yen wis bisa fana’ Dzat lan fana’ Sifat lan fana’ Af’al banjur bisa Kamal. Jalaran wus kabeh bali utawa wus manggon ana dzat kabeh. Yen wus bisa kamal banjur bisa Qahaar. Tegese dhahir bathin wus bisa kumpul dadi suwiji lan kena den arani lorone tunggil telune tunggal tunggal dadi suwiji. Mula sira mangerteyo kumpule jasad ati roh rasa Allah sak jerone rasa wis kaya kumpule lanang sejati lan wadon sejati.
Nalika metune wisi lan watu lan campure wesi lan watu yaiku campure banyu nur alif lan banyu nur ba’ iku kena den arani Insaanul kaamil, Kaamilul Insaan. Dene asma rahiim iku arane asihe allah yaiku nyatane badan nglimputi jasad iya aran nyata kang cinaten ing sejatine yaiku ora liya iyo mung metu sangka sifat Jalaal lan sifat Jamaal wis mung iku jalaran iki larangan kawedar sabda larangane kabeh wali mung kudu nganggo isarat kersane Allah Ta’alaa.
Bab. Kaping pindo: Nerangake masalah Islam
Dene Islam iku ana loro. Kang siji diarani Islam Naqish. Kang siji diarani Islam Kamil. Dene kang den arani Islam Naqish iku Islam sepet supata getih, tegese Islam hukum angger hukume wus Islam ora kena den patine ora kena den beleh jalaran deweke wis Syahadat Syariat lan wis Shalat Syariat lan wis Zakat Syariat lan wis Poso Syariat lan wis Haji Syariat. Mung Haqiqate durung Syahadat lan durung Shalat lan durung Zakat lan durung Poso lan durung Haji.
Beda karo Islam Sampurna, Islam ‘Indallah. Dene Islam Kamil iku Islam ‘Indallah iku Islam ora mungne selamet tapi Islam mungne pasrah. Dadi sak jiwane sak ragane sak dunyane sak akhirate kabeh wis dudu tanggung jawabe wis den pasrahake menyang sing duwe kabeh ora ngengeh babar pisan, yaiku kang den arani Islam Kamil lan Islam ‘Indallah, dudu Islam ‘Indan Nas, dudu Islam Naqish, mula iku kawerohana beda – bedane Islam Naqish lan Islam Kamil lan eling – elingen temenan. Jalaran yen Islam Naqish ik8u sak temene kurang banget. Jalaran ora afshah ‘Indallah yen ‘Indan Nas iya wis afshah. Mula iku lokak den karepake dawuhe Allah Ta’ala katerangan ana kitab suci Al-Qur’aanul Kariim: Innad diina ‘indallaahil islaamu waman yabtaghi ghairal islaami diinan falan yuqbala minhu.
Mula ora den terima jalaran mung nekseni ora ngerti kang den sekseni shalate ora ngerti kang den shalate lan ora ngerti jeneng shalat. Zakat ora ngerti kang kang den zakate pasane ora ngerti kang den pasane. Hajine ora ngerti kang den hajine, maka saktemene kudu sempurna syahadate, sempurna shalate, sampurna zakate, sampurna posone, lan sampurna hajine pisan. Kabeh iku ora dunya ora akhirat mung kari Allah. Wallahu A’lam.
Bab. Kaping telu: Nerangake derajate manusa kang iseh oleh pitulung
Tegese isih oleh pitulung deneng Allah yaiku:
1. Derajat ‘Ubad, 2. derajat Muhibbin, 3. Derajat Muttaqin, 4. Derajat Shalihin, 5. Derajat ‘Arifin.
Dene Derajat ‘Ubad iku derajat bocah kang isih cilik utawo derajat tukang preman. Dadi geleme nglakoni perinta kerana ana opah. Yen shalat ngarep-arep marang ganjaran, poso ngarep-arep ganjaran, zakat ngarep-arep ganjaran, haji ngarep-arep ganjaran, ngaji ngarep-arep ganjaran, wiridan ngarep-arep ganjaran, maca Qu’an ngarep-arep ganjaran, kabeh kang kerjani uga ngarep-arep ganjaran babar pisan ora ana kang kaliwatan kabeh amale jaluk ganjaran yaiku derajat ‘Ubad arane.
Dene Derajat Muhibbin iku derajate wong demen negese demen marang demen ninda’ake perintahe Allah perkara upah kari sak kersane allah dhahir bathin ora duwe pengarep-arep babar pisan. Kaya mangkono iku derajate Muhibbin, amung ngemban dawuhe Allah marang kanjeng nabi Muhammad, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an :
“ Qul inkuntum tuhibbuunallaaha fatta’uuni yuhbibkumullaahu wa yaghfir lakum dzunuubakum’’.
Artine Wahai Muhammad, ummatmu kabeh caritanana mangkene “Wahai ummatku kabeh, yen temen-temen demen sira kabeh marang Allah manuta sira kabeh ing ingsun.sak temene sira kabeh gelem ninda’ake marang perintah perintahe gusti Allah kaya oleh ingsun ninda’ake sira kabeh bakal den trisnani marang Allah lan den ngapura kabeh keluputane dhahir utawa bathin.
Dene Derajat Muttaqiin iku derajat wong kang pada wedi marang Allah malah-malah deweke iku kabeh pada ngrumangsani dadi kawuka uen kasi ora ninda’ake perintah perintahe Allah kuwatir di seksa utawa den bendoni utawa di uring-uring ora kerana ngarep-ngarep opah, jalaran olehe kaya mangkono iku ningali dawuhe Allah Ta’ala. Katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Kariim mangkene.
“ Yaa ayyuhan nasu’buduu rabbakumul ladzii khalaqakum wal ladziina min qablikum la’allakum tattaquun. Fattaqun naaral latii wa quuduhan naasu wal hijaaratu u’iddat lilkaafiriin’’.
Artine mangkene: Hai eling-eling para manusa sira kabeh pada bektiyo tegese pada nindakno kang dadi perintahe Pengeran ira kabeh yaiku kang dadekake ing sira kabeh lan kang dadekake ing wong-wong kang sak durunge sira kabeh yen pancen sira kabeh iku pada dadi wongkang taqwa tegese wedi marang siksa lan bendu. Sira kabeh pada wediyo temenan marang siksa neraka. Jalalan neraka iku urub-urube manusa lan watu yaiku mangkene iku den arani derajat wongkang pada Muttaqin.
Dene Derajat Shaalihiin iku derajat wong ahli adab, tata krama marang Allah. Deweke rumangsa dadi kawulane Allah tunduk marang Allah. Shalate anteng atine rasa taqwa, tegese wedi marang Allah Ta’ala, kuwatir yen kelupytan lan andap asor marang Allah kanti dingklukake raine tansah nyuwun maring Allah. Lan tansah eling maring Pengeran lan kanti nyuwun tinarimane amal lan nyuwu supaya den bales amale kanti di paringi suwargo kang nikmat kalawan oleh ridlane Allah. Lan ngedohi laku maksiat kabeh lakune kanti ngati-ngati, mung sayange ora Fana’Dzat, ora Fana’ Sifat, ora Fana’Asma, ora Fana’ Af’al iku ora. Lan percaya yen Allah pengeran iku gusti sababe olehe kaya mangkono iku gondelan karo dawuhe Allah Ta’ala, katerangan ana kitab suci AlQur’anul Karim. “ Faqaala ta’alaa; Wa basysyiril ladziina aamanuu wa ‘amilush shaalihaati anna lahum jannaatin tajrii min tahtihal anhaar”.
Artine mangkene, Wahai Muhammad bebungahen ummatmu kabeh yaiku wong-wong kang pada percaya yen Allah iku pengeran, lan pada nglakoni wong-wong iku mau ing kabecikan, lan wong-wong kabeh iku maupada duweni bagian suwarga. Iyo suwarga iku panggonan ni’mat kang akeh nganti tekane ni’mat iku mau den serupa’ake koyo miline bayu bengawan lan kabeh ni’mat iku mau pinongko kangge rizqine wong ahli suwarga kono, yaiku wong Derajat Shalihiin.
Dene Derajat ‘Aarifiin iku derajate para nabi lan para wali, yaiku derajat wong kang ngerti bakale lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti omahe lan ngerti manggone ngerti papane lan ngerti mapane lan ngerti lungane lan ngerti baline lan ngerti mulehe. Dadi banjur ora rumongso duwe bekal lan ora rumongso duwe gawe lan ora rumongso duwe dadi, lan ora rumongso duwe omah, lan ora rumongsa duwe manggon, lan ora rumongsa duwe papan, lan ora rumongsa duwe lunga, lan ora rumongsa duwe bali, lan ora rumongsa duwe mulih, lan ora rumongsa duwe mapan, lan ora rumongsa duwe wujud, lan ora rumongsa duwe rupa, lan ora rumongsa duwe seneng, lan ora rumongsa duwe nikmat, lan ora rumongsa duwe marem, lan ora rumongsa duwe polah sak piturute. Jalaran kabeh iku mau mung kgungane Allah. Kerana kabeh mung wujud ‘Adam. Sing ‘Adam wujude, sing wujud ‘Adame aja maneh kok Amal Duweha, wujud wae ora duwe apik ora duwe, ola ora duwe, urip ora duwe. mula kaya mengkono iku pada retinana sing temenan.
Yen kasi ora ngerti banjur ngaku barang dudu otheke iku jajal pikiren sing temenan mumpung durung kebacut. Dadi yen sira bisa ngerti yen sejatine wujud iku wujude Allah, kena den arani ngerti sejatine awak dewe, banjur ngerti ing sejatine Allah, yaiku kena mangkono iku mula Allah dawuh mangkene;
“Man ‘arafa nafsahu faqad ‘arafa rabbahu’’.
Yen ora mangerti kaya mangkono iku mau labok kaya apa olehe masyhur ‘alime mesti isih ngaku barang dudu otheke. Yen ngaku barang dudu otheke dudu jeneng Arifin. Lan bakal den jegoke karo sing duwe, nanging sa’rehne Allah Ta’ala iku adil banget cara 0mah sing biasane amur Allah iya amur Allah. Sing biasane omah amor mahluq iya omah amor mahluq wis mung nguno iku. Wallahu a’lam.
Bab. Kaping Papat: Nerangake Iman
Dene iman iku ana ing pirang-pirang macem;
Siji iku den arani Iman Ikrar. Dene iman iqrar iku den arani iman wong ahli syare’at balaka, terima angger wus ngucapake ing dalil Qur’an yaiku; “Aamantu billahi wa malaaikatihii wa kutubihii wa rusulihii wal yawmil aakhiri wa bil qadri khayrihi wa syarrihi minallaahi’’. Yaiku Iman I’da Alim pangucap belaka.
Loro iku den arani Iman Tashdiq. Tegese iman Tasdiq iku wus anduweni kiyaqinan ana sa’jerone ati ‘andel ba’it anane Allah lan kitab Al-Qur’an iku wahyu sangking Allah kaparingan marang kanjeng nabi Muhammad kangge pedoman nuntun marang ummat kabeh. Lan percaya anane kanjeng nabi Muhammad iku petugase Allah katugas mimpin ummat kabeh ajak marang kajujuran. Lan percaya anane dina akhir iku ana piwales kabeh kang den lakoni ana donya. Lan percaya anane pesthen olo becik saking Allah, bejo celaka uga saking Allah, bungah susah uga saking kersane Allah. Kabeh iku mau uga isih Iman wong Ahli Syare’at.
Telu iku den arani Iman Tashdiq Iqrar, tegese iman tashdiq iqrar iku ucape ya iman atine ya iman tur bukti buh titik buh akeh wis duwe gabungan kitab Qur’an utawa hadits iku kabeh uga Iman wong ahli Syare’at.
Papat iku den arani Iman Yaqin. Dene iman yaqin iku kebagi dadi loro. Siji iku den arani Iman Haqqul Yaqin, dene Iman ‘Ainul Yaqin iku imane wong ahli thareqah, dhahire kanti kerja mempeng kanti ridlane Allah percaya marang Allah kang paring apa kang diseja lan paring dalan kang bener yaiku dalane sowan marang ngersane Allah Ta’ala kanti depe-depe tapi durung bisa mangerteni menyang sejatine Allah Ta’ala.
Dene Iman Haqqul Yaqin iku imane wong ahli thariqah maneh yaiku percaya marang sejatine Allah kanti adab, tegese tata krama lan depe-depe marang sejatine Allah kanti ngeningake pikiran lan eling marang sejatine Allah iku dzat, bilaa kayfin wa laa mitsaalin kanti ngangge pedoman kitab, olehe eling kanti banget tegese nganti teka rasa nanging durung tumeka Fana’ sampurna lan durung bisa Baqa’ keyaqinane isih didadekake diwujudake dirupaake diarani digawe diselehake dilako’ake dilaraake dirasake dibisaake dikuasaake dilungaake ditekaake lan sak piturute.
(5)Lima iku den arani Iman Tauhid. Dene iman Tauhid iku imane wong haqeqah, yaiku wong sing ngerti haqeqate sejatine Allah lan ngerti asale tegese ngerti bakale lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti manggone lan ngerti panggonane lan ngert lungane lan ngert baline, lan ngerti tekane lan ngerti asale maneh. Tegese asal Dzat yo bali marang dzat asal siji yo bali marang siji,mapan siji papan siji amung siji pisah siji dadi wujud tunggal urip, tunggal rupa tunggal aran, tunggal gawe, tunggal roso tunggal. Tegese tanpa pisah tanpa amung kajabo mung tunggal. Dadi ora mlaku ora mandeg ora obah ora meneng ya iku kang diarani imane wong ahli hakekat. Sifate 20 wis ono kono tanpo nganggo .
(6)Enem iku ugo den arani Iman Tauhid lan den arani Iman Hakikat tegese, percoyo suwijine Allah dadi kabeh alam sak isine ora ono, tegese alam ora ono isine ora ono, jasad ora ono urip ora ono wujud ora ono, rupo ora ono,aran ora ono gawe ora ono, mung kari Allah bloko kang ono. Dadi ora ono loro kari siji yoiku kang den arani iman tauhid, Tegese iyo mangkono iku iman wong ahli tauhid lan wong ahli hakikat kang sejati.
(7)Pitu iku den arani iman Ma’rifat yoiku ugo iman wong ahli hakikat dene iman Ma’rifat iku tegese mangerteni badan alus kang ono sak jerone badan wadak. Lan mangerteni bakale lan mangerteni gawene lan mangerteni dadine, lan mangerteni panggaweane lan mangertene wujude lan manerteni rupane lan mangerteni jenenge , lan mangerteni manggone, lan mangerteni kang dinggoni, lan mangerteni lakune, lan mangerteni kang dilakoni, lan mangerteni kang mlaku sak piturute, yoiku aran Ma’rifat. Percoyo koyo mangkono iku keno den arani iman Ma’rifat. Yen ngerti kabeh mangkono iku mau kanthi mbarengi hakikote banjur dadi iman ma’rifat lan iman hakikat lan keno diarani ahli hakikat lan ahli ma’rifat lan ugo diarani Iman Kamil.
Dene iman kang nomer wolu(8) iku den arani Iman Hakekat uga neka diarani iman sejatine, sejatine iman utawa den arani Iman Ghaib. Tegese yaiku iman wong ahli Ghafirin. Dene iman ahli ghafirin iku imane para nabi lan imane para wali lan imane para mu’min haq. Wallahu a’lam.
(9)Sanga
(9)Sanga iku den arani Iman Ghaib. Dene iman ghaib iku kudu percaya marang ghaib lan kudu ngerti ghaib, soale percaya iku kudu ngerti disik, jalaran ora bisa iman marang sejatine Allah yen durung ngerti menyang Allah. Sejatine kang diarani wal ladziina yu¢minuuna bil ghaibi yaiku wong-wong kang ngerti ghaib lan sing bisa yuqiimuunash shalaah, yen ora ngerti ghaib ora bisa iman ghaib, yen bisa iman ghaib banjur bisa diarani yuqiimuunash shalaah. Sak temene kang diarani ghaib iku Allah sing Akbar iku Alam. Yen wis iman Allah lan Akbar tegese wis kumpul Allah lan Akbar. Akbar banjur ghaib tegese akbar ilang kari Allah yaiku jenenge shalat, yaiku sing diarani yuqiimuunash shalaah, dadi yen durung iman ghaib durung yuqiimuunash shalaah, durung yuqiimuunash shalaah yen durung ngerti ghaib iki kaweruhana sing temenan.
(10)Sepuluh iku den arani Iman Ghaibul Ghaib yaiku uga imane Arifin lan den arani iman samare-samar Hu aku Allah, ucape wujud Wujude Allah, alam telas dunia telas akherat telas. Kabeh telas mung kari Allah kang ana Allah kene Allah kono Allah iko Allah iki Allah sak piturute.
(11)Sewelas iku den arani Iman Baqa’ yaiku langgenge iman tegese tetepe iman urip iman mati iman melek iman turu iman iman mlaku iman mandek iman obah iman meneng, iman tegese percaya lan eling ora pedot babar pisan. Yaiku mangkono iku kang den arani Iman Baqa’. Wallahu a’lam.
(12)Rolas iku den arani Iman Baqa’ul Baqa’, iku uga imane Arifin yaiku wong sing ora tau metu songka Allah lan songka bumi Allah babar pisan.
(13)Telulas iku den arani Iman Kamil, uga diarani iman wong Arifin yen di sawang khawaariqul ‘adah jare kiyai ora tau shalat. Yen shalat ana ngendi – ngendi ana, terkadang shalate petakilan, terkadang jaranan, terkadang ana bong – bongan bota, terkadang ’ambune bergenggek. Tapi yen pituju kaya mangkono iku ora kena den loake, yen den loake utawa den ina sing alak den bendone Gusti Allah. Mula aja sok ina wong sing deweke ora ngerti.
(14)Patbelas iku den arani Iman Kamil Mukammil lan uga kena dene arani imane ahli ‘Arifin maneh iya iku terkadang kelakohane kaya wong gendeng, terkadang kaya wong kepalang, terkadang kaya kere, terkadang kaya wong belontah wis laku maksiat terus – terusan perlune kur yen aja ketoro apek babar pisan tur sejatine ngerti ahadiyat, wahdat, wahidiyat lan ngerti ngisyiq ngasyiq mangsyuq; lan keno den arani ngerti wijine nganti tukule nganti woh nganti dadi wiji maneh, lan ngerti kumpule ngerti pisahe ngerti kumpule maneh nganti dadi siji nganti wungkul maneh.
Pokoke di arani Iman Kamil Mukamil iku dadi awit asal songka wungkul dadi wumgkul maneh, wis Hu aku Allah, lan Hu Dzat kena den arani dhohire neng koplek, sejatine neng Dzatullah dadi amur Allah iku gone ora neng masjid dunia kono. Kudu neng masjid samar iku neng tengahe oro-orotarwiyah, dadi iya neng alas iya neng kuto iya neng komplek yaiku luweh nyamari, tegese yen wong kang durung ahli ora biso ngerti sejatine wong iku .sing ngerti sejatine wong iku wong amor Allah lan wong seng amor nurullah belaka, iku uga klebu iman wong ahli Arif yaiku para nabi para wali para mukmin haq. Yen wong bisa iku suk ana imane Iman Kamil Mukammil nanging yen wong biasa maqame ora Baqa’. Telas katerangan perinciane iman.
Bab. Kaping Limo: Nerangake Ahadiyah
Tegese den arani Ahadiyat iku isine ora ana liyo-liyo kajobo mung Allah belaka. Dadi Ahadiyat iku kena diarani omahe Allah, lan kena diarani negorone Allah, lan kena diarani alame Allah. Nalika berahe alam ahadiyat iku kena den arani Lata’yun, tegese durung ana kang ngerteni marang suwijine Allah Ta’ala. Nalika semono iku kena diarani isih gung liwung lan lan kena diarani isih wang-wang wung-wung ora ana opo-opo babar pisan sing ana isih Allah belaka. Dalile mangkene Allaahu wahdahu laa syariikalahu: artine nalika ahadiyah iku ora ora ana opo-opo sing ana mung Allah Ta’ala dewe ora ana kang ngancani keduwe Allah babar pisan lan katerangan ana kitab Al Qur’an mangkene: Faqaala ta’aala; Qul huwallaahu ahad. Artine mangkene, Dawuhno Muhammad marang umat kabeh yen sejatine Allah iku malika isih ahadiyah sing wujud isih Allah Ta’ala dewe# tegese nalika ahadiyah iku langit bumi durung ana kena den arani jagat duirung ana, srengenge rembulan durung ana, kabeh alam uga durung ana, dunya durung ana, akherat durung ana, suwarga neraka uga durung ana, kabeh makhluk durung ana, sing ana mung Allah dewe, wujude wujud dzat durung ana sipate, Sipate isih sipat Jalal. Dadi isih wujud Tunggal urip, tunggal rasa tnggal, tegese wujud dewe tanpa ana kang maujudake jumeneng dewe tanpa ana kang jumenengake urip dewe tanpa ana kang nguripake awal tanpa ana kawitane akhir tanpa ana pungkasane siji ora sangka wilangan kidhik. Iya koyo mangkono iku kang den arani Wujud Muthlaq kelawan Ithlaq lan kena den arani Wujud Mahdli tegese sing wujud isih sakwecone Allah Ta’ala belaka, yaiku ora ana liyo-liyo maneh kajobo mung Allah dewe.
Dene wujude Allah Ta’ala naliko iku wujud Khiya’ tegrse wujud padang gumilang ora koyo padange srengenge lan ora koyo padange rembulan lan ora koyo padange lintang lan ora koyo padange damar babar pisan, ora kang madani sekabehane kang wujud ono alam duniya iki, yaiku den arani wujud nur tegese wujude nurullah kang den arani Nur Jati tegese wujude sejatine Allah. Wallahu a’lam.
↓↓↓↓↓↓↓
Bab. Kaping NEM: →→→→
----------------------
Nb.;
←←←←← Rahasia Do'a
MENGANGGKAT DUA TANGAN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar